Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
13 dari 46
49–50 dari 225
489–498 dari 2.243
13.041 dhuh kawula sang nata amit palastra | mangsuli sihing gusti | kawula wus tuwa | lêga ingsun pêjaha | anèng têngahing ajurit | karsaning Sukma | rusak nagri Matawis ||
13.042 Sewajaya anangis nungkêmi pada | brananya rah umijil | dhuh gusti kawula | ing dunya ing akerat | kawula dadosa abdi | lah kapanggiha | kawula lawan gusti ||
13.043 angandika Radèn Prawirataruna | ingsun tarima ugi | iya padha-padha | galap gampil manira | sira ngapuraa ugi | singa palastra | ywa na mandhêg tumolih ||
13.044 Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | angling ta rahadyan | ingsun belani sira | wirang ingsun lamun urip | angur matia | santananingsun ênting ||
13.045 wong Makasar wau kathah ingkang prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | rahadyan tiba lênggah | wus nyana tumêkèng pati | ingkang karasa | para putra ing wuri ||
13.046 ya ta wau myang karaos ingkang garwa | dèn bêcik sira kari | sun têmah palastra | anèng têngahing rana | rahadyan kabyat ing kanin | sampun palastra | radèn [1: 74: ra...dèn] sigra gumuling ||
13.047 apan arsa tinigas mustakanira | Kumpêni anulungi | minggah saking palwa | tiyang Ambon punika | tiyang Trênate nulungi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||
13.048 ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kuwawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêb lawang | wong Makasar awingwrin ||
13.049 wus karêbut layone radèn punika | nuli binêkta aglis | minggah ing baita | pan sampun binandhosa | wau kang palwa Kumpêni | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||
13.050 sakarine wau kang para santana | angiringakên mayit | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wadya pasisir | labuh sadaya | wau anèng jaladri ||
49–50 dari 225