Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 46
52–53 dari 225
520–529 dari 2.243
14.014 lan Pangeran Martasana [1: 78: Marta...sana] | Pangeran ing Pugêr nangkil | nunggil kang para santana | wau ingkang anambungi | Pangeran Purbayèki | nuli wau jajaripun | Pangeran Pringgalaya | Pangeran Pugêr anangkil | pan ajajar sira Tumênggung Mataram ||
14.015 lawan Radèn Wiratmêja | Wiramênggala anangkil | Tumênggung Mangunnagara | lan Ngabèi Wiramantri | Pangran Dipati nangkil | sri narendra èsmu bêndu | grapyak dènnya ngandika | sri bupati ing Matawis | mring kang putra Pangran Dipati Mataram ||
14.016 sira dhewe amênyanga | lan adhimu Singasari | mapaga mungsuh Makasar | dene datan angudhili | tiwase wong Matawis | kang anglurug marang Dêmung | hèh uwakne Purbaya | dika tuwani ing mangkin | atumuta inggih dhatêng putra dika ||
14.017 lan Adhimas ing Balitar | puniku andika kanthi | Si Arya Pamot milua | lan Si Rajamanggalèki | lawan Si Wirapati | milua marang ing Dêmung | lawan Si Wirajaya | lawan wadya ing Matawis | pratêlunên sira tinggala saduman ||
14.018 alah poma wêkas ingwa |[1] putraningsun ki dipati | ing Madura ampirana | sira gêmpura ing benjing | Si Trunajaya iki | patènana dipun lampus | iku kang karya ala | mulane wong Sampang iki | pambalike iya têka Trunajaya ||
14.019 putraningsun Cakraningrat | milua ki adipati | manawa wong ing Madura | ana ingkang maksih eling | sampunira winêling | para dipati wotsantun | marang [1: 79] sri naranata | kang putra wus dèn idèni | dyan Pangeran Singasêkar atur sêmbah ||
14.020 ya ta kondur sri narendra | malêbêt ing kênyapuri | kang sewaka wus luwaran | wadyabala ing Matawis | samya adandan sami | tan winarna solahipun | enjing nêmbang têngara | sira pangeran dipati | kadya gêrah swaraning wong ing Mataram ||
14.021 wong kadipatèn malatar | pan sampun mêpak kang baris | sawarnaning kang wahana | pan sampun dèn busanani | anglir hyang-hyang tinulis | gêgaman abra dinulu | wadyabala Mataram | sadaya saos ing gusti | busananya dinulu mawarna-warna ||
14.022 apan wau abusana | sira Pangran Adipati | dhasare bagus utama | angangge busana adi | prajuritan rinakit | kadya hyang asmara nurun | saking ngendra bawana | tuhu dewaning pawèstri | cahya wênês anglir wulan sasadara ||
14.023 wau ingkang para garwa | tanapi sêlir kêkalih | kang binêkta wus adandan | lir sêkar sataman asri | busanane kang dasih | kang sami ngayap sang bagus | garwa ingkang tinilar | aturipun amlas asih | arsa tumut anging radèn datan suka ||
52–53 dari 225

 


ingwang. (kembali)