Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14 dari 46
53–54 dari 225
530–539 dari 2.243
14.024 putrane Ki Mangunjaya | punika dadya kêkasih | arsa tumut ing ayuda | pangeran datan nglilani | wantune wong ajurit | wong ayu mênèk katawur | eman adining sêkar | ingsun dhewe kang nglampahi | dhuh kusuma muktia anèng ing pura ||
14.025 lah dene măngsa lamia | dhuh [1: 80] ingsun anuli prapti | sun mangke sumêlang sira | babo sang adining sari | dhuh sangonana yayi | layoning siranggo gêlung | kalawan gantènira | sun karya panglipur branti | sun karyane usada alara brănta ||
14.026 adhuh yayi wus karia | poma ing sapungkur mami | aja ta anahên brănta | sang dyah ayu sêmu tangis | dyan ingaras tumuli | kang rayi ingimur-imur | wus lêjar sang kusuma | kang wadya kinèn ngundhangi | sigra budhal Pangran Dipati Mataram ||
14.027 mung para sêlir binêkta | marang Pangran Adipati | jajarane amalatar | datan wontên nguciwani | Jêng Pangran Adipati | anitih turangganipun | busana abra muncar | sinongsongan kartas kuning | lajêng budhal ginarêbêg dening bala ||
14.028 Tumênggung Rajamanggala | kang dadya cucuking jurit | kang lumampah anèng ngarsa | sagêgamanira ngiring | busana warni-warni | atêngêran tunggul wulung | ciri wanara pêthak | bandera palisir wilis | kadya gêlap gêbyaring sanjata lanang ||
14.029 nuli Arya Pamot sira | sarêng lawan Wirapati | sarta balanya malatar | wong panumping lan wong bumi | dadi cucuking jurit | lumampah anèng ing ngayun | wong sèwu numbakanyar | wong gandhèk dadya pamburi | yèn pinirsa kadya ombaking samodra ||
14.030 nuli Pangeran Balitar | wau ingkang anambungi | rêspati nitih turăngga | payung agung amarapit | wadyabala angiring | miwah têtabuhan umyung | panurung waos sulam [1: 81: sula...m] | anuli wong numbak putih | tunggul pêthak aciri dirada mêta ||
14.031 nuli Jêng Pangran Purbaya | nambungi nitih turanggi | busananya abra muncar | pinayungan kartas wilis | ingkang abdi marapit | prasamya prayitnèng kewuh | dene kang munggèng wuntat | wong satus anumbak putih | munggèng ngarsa tumbak ciri cêcebolan ||
14.032 tumbak ligan winêgigan | laring badhak abra asri | sawênèh sari manyura | kang sasap sinêlan jinggring | ingkang munggèng ing ngarsi | sanjata lanang bra murub | akulambi sangkêlat | kang ambêkta sami wani | apangiring bandera munggèng ing ngarsa ||
14.033 nuli Pangeran ing Sampang | wau ingkang anambungi | rêspati nitih turăngga | pinayungan kartas kuning | balanira mung kêdhik | panêdhanira sang prabu | mung tiyang kawan dasa | kang bêkta waos marapit | wong Madura siji tan ana kang prapta ||
53–54 dari 225