Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
14–15 dari 46
54–55 dari 225
536–545 dari 2.243
14.030 nuli Pangeran Balitar | wau ingkang anambungi | rêspati nitih turăngga | payung agung amarapit | wadyabala angiring | miwah têtabuhan umyung | panurung waos sulam [1: 81: sula...m] | anuli wong numbak putih | tunggul pêthak aciri dirada mêta ||
14.031 nuli Jêng Pangran Purbaya | nambungi nitih turanggi | busananya abra muncar | pinayungan kartas wilis | ingkang abdi marapit | prasamya prayitnèng kewuh | dene kang munggèng wuntat | wong satus anumbak putih | munggèng ngarsa tumbak ciri cêcebolan ||
14.032 tumbak ligan winêgigan | laring badhak abra asri | sawênèh sari manyura | kang sasap sinêlan jinggring | ingkang munggèng ing ngarsi | sanjata lanang bra murub | akulambi sangkêlat | kang ambêkta sami wani | apangiring bandera munggèng ing ngarsa ||
14.033 nuli Pangeran ing Sampang | wau ingkang anambungi | rêspati nitih turăngga | pinayungan kartas kuning | balanira mung kêdhik | panêdhanira sang prabu | mung tiyang kawan dasa | kang bêkta waos marapit | wong Madura siji tan ana kang prapta ||
14.034 apan ta sampun alama | gumyure têtiyang alit | Pangran Madura anilar | awit mahanèng Matawis | anuli kang nambungi | Pangran Adipati pungkur | rêspati nitih jolang | para dipati Matawis | busananya dene ta mawarna-warna ||
14.035 tiyang mamas pitung dasa | kulambi sangkêlat kuning | sinambungan waos sulam | yèn dinulu tinon asri | prasamya udhêng kuning | sinambungan waos biru | sami kulambi seta | nuli ingkang waos jinggring | kang ambêkta sami kulambi sangkêlat ||
14.036 nuli wau kasambungan | wong satus anumbak [1: 82: anumba...k] putih | waos cêmêng cêcebolan | kang ambêkta sami wani | têngêrannya rêspati | kang pare anom malêdug | akathah yèn winarna | gamane Pangran Dipati | ana dene kang sumambung anèng wuntat ||
14.037 Pangeran ing Singasêkar | sabalanira marapit | rêspati nitih turăngga | payung agung amarapit | asongsong kartas kuning | ing ngarsa kuda kinarung | Tumênggung Wirajaya | wau kang dadya pawingking | aprayitna sami angêmu sarkara ||
15. Dhandhanggula
15.001 kang tinilar samya agêng branti | wênèh ana ngatêrakên marga | rangu-rangu sasolahe | kang duwe laki nglurug | anglir pendah tinilar mati | manahira sumêlang | wênèh ana muwun | aniba ing pagulingan | kang sawênèh ngatêrakên anèng margi | tansah angêmu waspa ||
15.002 kang sawênèh ana nyênyangoni | muga salamêta ingkang lunga | sun cadhang besuk têkane | sawênèh ana muwus | yèn salamêt lakune benjing | sun kon wayuh sakawan | iku kaul ingsun | kang sawênèh ana ngucap | iku ora kiyai ingsun dhèwèki | jêr ta tinilar lawas ||
54–55 dari 225