Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 46
56–57 dari 225
559–568 dari 2.243
15.016 ing ayuda arsa sun têmêni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe ingsun kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuning wong apulang jurit | yèn wus atêmpuh watang | pasthi merang mundur | pasthine akèh pêpêjah | wong Mataram apan arsa sun wangsiti | merang lamun mundura ||
15.017 awêkasan Pangeran Dipati | angandika marang ingkang eyang | lah makatên pawartine | lah suwawi ing besuk | binubarna bala Matawis | sami dharat kewala | dèn rêmpêg ing laku | dene sakèhing baita | winawratan sangune tiyang Matawis | kamota ing baita ||
15.018 sakathahe bupati pasisir | adharata ngiringa maringwang | kalawan sagêgamane | ya ta sami arêmbug | kang santana miwah prajurit | pangeran angandika | mring [1: 86] Răngga Sidayu | aja pisah lan manira | mêsakake iku tinilar wong cilik | miwah Adhimas Sampang ||
15.019 anaa ngarsa manawa eling | wong Madura marang ing adhimas | padha undhangana kabèh | sakèh bala Matarum | budhalêna ya dipun enjing | lawan Si Wăngsadipa | aywa sira milu | tunggua nagri Japara | lan anake kalawan bala Kumpêni | tugura ing Japara ||
15.020 ya ta datan kawarna ing latri | enjingira anêmbang têngara | gong bèri gumrah swarane | bêndhe umyang gumuruh | têngarane bubar kang baris | sakèh sanguning wadya | winot ing parau | wus pêpak wadya Mataram | yèn sinawang gêgaman kagiri-giri | kadya prawata sêkar ||
15.021 tiyang pasisir măncanagari | ingkang dadya cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lampahe | dene bala Matarum | wong bumija lawan panumping | wong sèwu numbakanyar | siti agêng wau | samya marapit ing radyan | lan Pangeran Purbaya nora atêbih | kalawan ingkang wayah ||
15.022 ya ta anglarug lampahing baris | ênêngêna kang lagya lumampah | gêntia winuwus ing rèh | sang prawira ing kewuh | ingkang ngadêg ing Surabanggi | Rahadèn Trunajaya | ingkang ajêjuluk | Panêmbahan Madurêtna | pan pinarak sineba para bupati | wetan kerup sadaya ||
15.023 atanapi kang pra măncanagri | ing bang wetan kairup sadaya | Ki Madurêtna barise | apan sampun [1: 87: sampu...n] akumpul | lawan Raja Galingsong nênggih | wong Makasar malatar | sami purunipun | solahe kadi sardula | pan ing mangke wong Sampang pan angsal galih | akanthi wong Makasar ||
15.024 sira Radèn Madurêtna singgih | sêdyanira pan madêg narendra | sarta lawan panjunjunge | Raja Galingsong wau | ananggupi bêdhah Matawis | mila Ki Madurêtna | langkung trêsnanipun | dhumatêng Raja Makasar | Trunajaya tan kaemutan ing nguni | rèh kinarya lampahan ||
15.025 Trunajaya pan karsa pribadi | wantu wong ngêmut lêgining gula | kêmanisên arsa dhewe | apan ta datan emut | lamun wontên ingkang akardi | Prabu Anom Mataram | tan kemutan wau | angrasa sampun kuwawa | Trunajaya dene sampun angsal kanthi | Prabu Anom Makasar ||
56–57 dari 225