Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
15 dari 46
55–56 dari 225
550–559 dari 2.243
15.007 pamrihipun têtiyang pasisir | sêdya seba marang Surabaya | Madurêtna narpatine | wong Madura anggrêgut | ing Garêsik wus dèn anciki | suyut tan wani malang | tanapi Sidayu | apan ta sampun kabahak | wus kancikan tiyang Sêdayu awingwrin | seba mring Surabaya ||
15.008 datan api nagara ing Tubin | wus kancikan dening wong Madura | kalawan ing sarewange | ing Tuban sampun nungkul | nulya Rêmbang dipun anciki | ing Ngasêm alorodan | sadaya sumuyut | ingkang băngga pinêjahan | wong pasisir sadaya sami awingwrin | ingkang nurut tinawan ||
15.009 samya binakta [1: 84] mring Surabanggi | wong Makasar lawan wong Madura | kadya hèrnawa wadyane | wong pasisir sumuyut | sami seba mring Surabanggi | sira Raja Makasar | apan sampun kumpul | lawan Radèn Madurêtna | kawarnaa sira Pangran Adipati | anom ingkang lumampah ||
15.010 ing Japara samana wus prapti | samya mondhok anèng jroning kitha | lir grah kapitu swarane | Pangran Dipati wau | masanggrahan griyanirèki | Ngabèi Wăngsadrana | Pangran Singasantun | pondhoke sakidul pura | Jêng Pangeran ing Purbaya pondhoknèki | wontên ing Kalatusan ||
15.011 dene Pangeran Balitar nênggih | sami mondhok ing Banyularangan | Pangeran Sampang pondhoke | ing jawi kitha wau | wong pasisir bang kilèn prapti | panggihan ing Japara | Kêndhal Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan | ing Barêbês miwah Pamalang lan Têgil | Têrbaya lan Samarang ||
15.012 ing Dêmak iku sarênge prapti | wong ing Kudus miwah ing Juwana | pêpak Japara kumpule | sampunnya tigang dalu | kawarnaa Pangran Dipati | pan sami pirêmbagan | lan kang eyang wau | Pangeran Arya Purbaya | lawan sagung para santana Matawis | sarta para dipatya ||
15.013 miwah Pangeraning Singasari | Pangran Balitar lan Pangran Sampang | Pangran Dipati dêlinge | marang kang eyang wau | kadipundi eyang kang warti | têtiyang ing Madura | lan Makasaripun | ngandika Pangran Purbaya [1: 85] | ing wartane wong Sampang anunggal baris | kalawan wong Makasar ||
15.014 uwong pasisir bang wetan nênggih | samya seba marang Surabaya | mring Trunajaya suyute | Sidayu sami nungkul | ing Garêsik miwah ing Tubin | Rêmbang lan Pajangkungan | apan wus anungkul | tan ana suwalèng karsa | wus kakêlun sadaya sami awingwrin | dhumatêng Trunajaya ||
15.015 Pangran Dipati graitèng galih | Trunajaya angêntasi karya | iya ta kaya kapriye | wêkasane wak ingsun | lamun mundur anglêlingsêmi | pasthi manira merang | marang sang aprabu | kayangapa solah ingwang | yèn ta durung ana kaananing jurit | mendah ucaping jagad ||
15.016 ing ayuda arsa sun têmêni | wong Madura ya Si Trunajaya | polahe ingsun kang akèn | èmênge manah ingsun | wantuning wong apulang jurit | yèn wus atêmpuh watang | pasthi merang mundur | pasthine akèh pêpêjah | wong Mataram apan arsa sun wangsiti | merang lamun mundura ||
55–56 dari 225