Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 46
59–60 dari 225
588–597 dari 2.243
16.016 kang dadya lajêring yuda | Pangran Purbaya tinilar wadya lit | prajurit kathah kasambut | datan măngga puliha | Jêng Pangeran Purbaya ngling jroning kalbu | baya karsaning Hyang Sukma | apês wadya ing Matawis ||
16.017 salaminipun ayuda | apan nora iya ta kadi mangkin | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong Mataram padha ngênês manahipun | dhingin kang padha prawira | singkêl manahe lir èstri [1: 91: è...stri] ||
16.018 kapriye ingsun mundura | wong Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra myang santana | tan awatak yèn ingsun mundur ing kewuh | baya ta angur matia | anèng têngahing ajurit ||
16.019 watarane manah ingwang | ing ayuda tan kentas dening mami | kêriga wadya Matarum | măngsa angêntasana | suprandene ingsun iki wus asêpuh | sêdhênge matia ingwang | ingsun momong ing narpati ||
16.020 yèn ta rusak ing Mataram | panêdhaku aja kongsi mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | Jêng Pangeran Purbaya wau tinêmpuh | sawadyane anèng rana | tan gumingsir angayati ||
16.021 sira Pangeran Purbaya | pangamuke lir banthèng tawan kanin | apan wus kapanggih sêpuh | mendah kala taruna | wong Madura kang katrajang mawut-mawut | angamuk lawan curiga | dhuwunge aran Ki Panji ||
16.022 wantu kêkathahên mêngsah | jêng pangeran kudane sampun mati | alêmpêr pangamukipun | apan dharat kewala | wong ing Sampang wong Makasar angarubut | pangeran pan kinakahan | winatang lawan linêmbing ||
16.023 sanadyan otota kawat | akulita tambaga balung wêsi | yêkti wong satunggal rêmuk | kinarubut ing kathah | pan pangeran sakalangkung têguh timbul | datan pasah dening braja | kinarubut ing ajurit ||
16.024 ing jro sarira wus rêmak | Jêng Pangeran Purbaya tiba linggih | wantunira sampun sêpuh [1: 92: sê...puh] | dyan Pangeran Balitar | pan uninga yèn kang raka wus kasambut | agupuh nulya rinêbat | wong Sampang dipun amuki ||
16.025 sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binakta mundur aglis | nanging pangran datan emut | sariranya wus rêmak | wong Mataram ing ayuda mawut-mawut | dene Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||
59–60 dari 225