Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 46
59–60 dari 225
583–592 dari 2.243
16.011 Tumênggung Rajamanggala | Arya Pamot sarêng mangsah ngajurit | Pangran Balitar [1: 90: Ba...litar] tan kantun | sarêng ngantêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja Galingsong priyăngga | ingkang nindhihi ing jurit ||
16.012 dene Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura pasthi lanang yudanipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||
16.013 wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahira awingwrin | kang katrajang mawut-mawut | tan amăngga puliha | prajurite akathah ingkang kasambut | Ki Ngabèi Wirajaya | sêmana anandhang kanin ||
16.014 santana akathah pêjah | ki ngabèi brananira ngranuhi | sêmana gya tiba lungguh | ludira adrês muncar | dyan aniba Wirajaya datan emut | rinêbat santananira | saundure angêmasi ||
16.015 kang ayuda awuyungan | Panji Wirabumi wus nandhang kanin | anèng ing rana kasambut | mundur wus binandhosa | Kyai Răngga Sidayu sampun kasambut | ing rana sampun palastra | awingwrin bala Matawis ||
16.016 kang dadya lajêring yuda | Pangran Purbaya tinilar wadya lit | prajurit kathah kasambut | datan măngga puliha | Jêng Pangeran Purbaya ngling jroning kalbu | baya karsaning Hyang Sukma | apês wadya ing Matawis ||
16.017 salaminipun ayuda | apan nora iya ta kadi mangkin | prajurit Mataram gêmpur | singa maju kabranan | wong Mataram padha ngênês manahipun | dhingin kang padha prawira | singkêl manahe lir èstri [1: 91: è...stri] ||
16.018 kapriye ingsun mundura | wong Mataram tan ana kaya mami | sinêmbah sinêpuh-sêpuh | mring putra myang santana | tan awatak yèn ingsun mundur ing kewuh | baya ta angur matia | anèng têngahing ajurit ||
16.019 watarane manah ingwang | ing ayuda tan kentas dening mami | kêriga wadya Matarum | măngsa angêntasana | suprandene ingsun iki wus asêpuh | sêdhênge matia ingwang | ingsun momong ing narpati ||
16.020 yèn ta rusak ing Mataram | panêdhaku aja kongsi mênangi | wong Mataram sirna larut | wong Sampang lan Makasar | Jêng Pangeran Purbaya wau tinêmpuh | sawadyane anèng rana | tan gumingsir angayati ||
59–60 dari 225