Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16–17 dari 46
60–61 dari 225
596–605 dari 2.243
16.024 ing jro sarira wus rêmak | Jêng Pangeran Purbaya tiba linggih | wantunira sampun sêpuh [1: 92: sê...puh] | dyan Pangeran Balitar | pan uninga yèn kang raka wus kasambut | agupuh nulya rinêbat | wong Sampang dipun amuki ||
16.025 sira Pangeran Purbaya | wus karêbat binakta mundur aglis | nanging pangran datan emut | sariranya wus rêmak | wong Mataram ing ayuda mawut-mawut | dene Pangeran Purbaya | wus kasambut ing ajurit ||
16.026 lir pendah dhawuhan bêdhah | pêdhot lajêrira kang kari ngisis | dening lajêre wus rubuh | mulane asasaran | dyan Pangeran Dipati ika kalulun | lorod kondur jêng pangeran | wadya lit tan kêna pulih ||
16.027 sira Pangeran Dipatya | manahira kalangkung dènnya wingwrin | dene kang eyang kasambut | ya ta amêmondhokan | arêrangkah prasamya prayitnèng kewuh | Pangran Purbaya wus seda | lir gêrah swaraning tangis ||
16.028 mapan sampun binandhosa | budhal mantuk dhumatêng ing Matawis | sakèhing wadya Matarum | prasamya kêkês ing tyas | dene andêling kewuh sampun kasambut | para prajurit satriya | manahe kêkês lir èstri ||
16.029 miwah kang para santana | para putra manahira awingwrin | sampun karsaning Hyang Agung | apês wadya Mataram | sinêngkalan jêng pangran duk sedanipun | sarira trus ing warayang | jalma ing taun Dal nênggih |[1]|
16.030 anglêrêsi wulan Saban | nuju tanggal kaping lima anênggih | mapan mung kantun wong sèwu | miji ing Kapugêran | Martajaya sakèhing sadhèrèkipun | dene [1: 93: de...ne] panganjur Madura | kanan Radèn Wangsènggati ||
16.031 dene pun Dhandhangwacana | têtindhihe ingkang anèng ing wuri | wong Madura pan wus mangsuk | marang kitha ing Dêmak | ngalun-alun Wangsènggati kang jinujug | wong Madura angrêrayah | tan ana tinahèng galih ||
16.032 warnanên Ki Martajaya | sakadange amêndhêm dènnya baris | sakiduling alun-alun | wong Sampang sarêng mulat | dyan umangsah swaraning bêdhil gumuruh | ya ta wau Martajaya | ngamuk tan sêdya ngunduri ||
17. Durma
17.001 surakira wong Dêmak kadi prahara | Martajaya angungkih | lan sakadangira | langkung dening sudira | wong Madura anadhahi | kuwêl kang yuda | tan ana ngucap ajrih ||
60–61 dari 225

 


Tanggal: lima (5) Saban (Ruwah) Dal: sarira trus ing warayang jalma (AJ 1598). Tanggal Masehi: 25 Oktober 1675. (kembali)