Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
16 dari 46
58–59 dari 225
577–586 dari 2.243
16.005 nora sangsaya ajriha | wong ing Sampang myarsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sanjata | wadya Sampang pinuntir barêngosipun | pêdhange ingikal-ikal | sarwi ngagêm tamèng bali ||
16.006 samana pan onclang watang | dyan umangsah sarwi anaut rawis | wong Madura sami purun | rame têmpuh ing yuda | lir andaka wong Sampang pangamukipun | arame têmpuh ing yuda | tan ana kang ngucap ajrih ||
16.007 wong Makasar dènnya aprang | ngagêm lêmbing tan ana kang ngabêri | prasami asoroh amuk | pan kadi singa lodra | baya silih wus pinasthi ing Hyang Agung | wadyabala ing Mataram | wingwrin tan darbe kuwanin ||
16.008 pra mantri lan pra satriya | kang prajurit manahe kadi èstri | kêkês tan darbèni purun | ingamuk wong ing Sampang | wong Mataram barise amawut-mawut | akathah ingkang palastra | apan nora angundhili ||
16.009 rusak wadya ing Mataram | prajurite prasamya angawaki | kang dadya andêling kewuh | Jêng Pangeran Purbaya | anyamêthi kuda sumêdya amagut | ingiring para wadyanya | sarêng mangsah ing ajurit ||
16.010 Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | lawan Ki Răngga Sidayu | angamuk ambêk pêjah | para mantri Mataram sarêng umagut | dene andêling ayuda | Pangran Purbaya ngawaki ||
16.011 Tumênggung Rajamanggala | Arya Pamot sarêng mangsah ngajurit | Pangran Balitar [1: 90: Ba...litar] tan kantun | sarêng ngantêp ing yuda | wong Makasar sadaya sarêng umagut | Raja Galingsong priyăngga | ingkang nindhihi ing jurit ||
16.012 dene Radèn Trunajaya | tiyang Sampang wau kang dèn tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura pasthi lanang yudanipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||
16.013 wadyabala ing Mataram | kathah pêjah manahira awingwrin | kang katrajang mawut-mawut | tan amăngga puliha | prajurite akathah ingkang kasambut | Ki Ngabèi Wirajaya | sêmana anandhang kanin ||
16.014 santana akathah pêjah | ki ngabèi brananira ngranuhi | sêmana gya tiba lungguh | ludira adrês muncar | dyan aniba Wirajaya datan emut | rinêbat santananira | saundure angêmasi ||
58–59 dari 225