Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17 dari 46
61–62 dari 225
606–615 dari 2.243
17.002 muntir brêngos sarwi nrajang asêsumbar | rêbutên Wangsènggati | prajurit Madura | sigra Ki Martajaya | kadangipun dèn sapihi | ja milu yuda | sun ijène wong iki ||
17.003 ya ta mara Martajaya bêkta tumbak | sigra tinumbak aglis | Wangsènggati kontal | tiba abarangkangan | tangi nulya malês aglis | Ki Martajaya | tinumbak wêntisnèki ||
17.004 apan gronjal Ki Martajaya tan pasah | rame bithi-binithi | atumbak-tinumbak | nanging tan wontên pasah | apan Radèn Wangsènggati | bajang tanggungan | cilik tur angrêrêngkik ||
17.005 nanging atos kanthèt lamun tiningalan | Ki Martajaya inggil | agêng tur prakosa | kadung-kadung solahnya | mila tansah kontra-kantring |[1] Ki Wangsènggatya | nanging maksih [1: 94: ma...ksih] angungkih ||
17.006 ramening prang braja tan wontên tumama | lajêng anarik kêris | iya tan tumama | nulya candhak-cinandhak | arame banting-binanting | pan tigang dina | kacatur dènnya jurit ||
17.007 Wangsènggati yèn binanting kêkadhalan | nanging angrangkul wêntis | sira Martajaya | cinakot ginjal-ginjal | Ki Wangsènggati binithi | sarwi tinêkak | nanging taksih kumanthil ||
17.008 kawarnaa sira Ki Dhandhangwacana | pan arsa anulungi | saha balanira | sigra wadya ing Dêmak | surake awanti-wanti | wus tinadhahan | rame dènira jurit ||
17.009 pêtêng dhêdhêt dening kukusing sandawa | satêngahing ajurit | mimis kadya udan | langkung ramening yuda | wong Madura wus kalindhih | kathahên lawan | akathah kang ngêmasi ||
17.010 sampun kèngsêr yudane wong ing Madura | nulya mangetan malih | nagari Japara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | apan ta ana | wong abêbantu malih ||
17.011 Trunajaya utusan marang Madura | bantoni kang kalindhih | wong măncanagara | ing bang wetan sadaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadya têtindhih ||
61–62 dari 225

 


kontrang-kantring. (kembali)