Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17 dari 46
64–65 dari 225
640–649 dari 2.243
17.036 Kyai Gulung lawan Kyai Singalodra | lawan Ki Gunturgêni [1: 98: Gunturgê...ni] | sapraptaning ngarsa | sira Ki Wăngsadipa | sanjata dipun pilihi | ingarah-arah | tibane ingkang mimis ||
17.037 Jagatamu mêngsah Sampang amalatar | ya ta pun Kumbarawi | wau kang prayoga | nênggih anibanana | ing Jagatamu ngungkuli | sigra pinasang | wau pun Kumbarawi ||
17.038 Jagatamu wau kang ingarah-arah | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | sigra sinulêd tumuli | sanjata munya | lir obah kang pratiwi ||
17.039 mimis mêsat anibani pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katiban sêmpal | wau katrajang ing mimis | saking ing ngarsa | langkung agêng kang mimis ||
17.040 kang kasrampang wong Sampang kathah kang pêjah | tyang pasisir awingwrin | lan măncanagara | dènira kaungkulan | kawuwung saking ing wukir | ing pasanggrahan | ingulukan ing mimis ||
17.041 tan antara mimis malih anarajang | wau saking ing wukir | kathah ingkang wrêksa | sami katrajang sêmpal | ya ta wau anibani | têngah pondhokan | gègère tan sinipi ||
17.042 Jagatamu gègèrira apuyêngan | dene katiban mimis | akathah kang pêjah | lumayu salang-tunjang | bodhol sakèhing kang baris | apapuyêngan | ing Jagatamu gusis ||
17.043 pan kalulun bêdhol baris apuyêngan | ing Jagatamu gusis | tiyang ing Madura | kalawan wong Makasar | ing Kudus kang dipun ungsi | banjur mangetan [1: 99: mangeta...n] | kuwur ingkang wadya lit ||
17.044 kawarnaa Ki Ngabèi Wăngsadipa | apan gunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng Sang Prabu Matawis | yèn ing Japara | wau dipun unggahi ||
17.045 wong Madura kawan dasa ingkang pêjah | kupinge dèn irisi | karsanya binêkta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | lan putranira | ingutus mring Matawis ||
64–65 dari 225