Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17 dari 46
64–65 dari 225
636–645 dari 2.243
17.032 Jagatamu ênggonira bêbarisan | kaya priye gènnya mrih | mundure kang mêngsah | nora wande yèn rusak | Japara kalamun lami | wadya Madura | nèng Japara ngêbêki ||
17.033 ya ta matur Ki Ngabèi Wăngsaprana | punika yèn suwawi | sanjata punika | kang wontên Danaraja | kang agêng dipun pilihi | ingarah-arah | tibane ingkang mimis ||
17.034 Jagatamu gih puniku winuwungan | ingulukan ing mimis | pamrihe bubara | mimis agêng kinarya | sami binalangan mimis | tiyang Madura | inggih saking ing wukir ||
17.035 sampun rêmbag sadaya Ki Wăngsadipa | sigra minggah mring wukir | wukir Danaraja | pan kathahing sanjata | kang agêng anèng ing wukir | mantri Mataram | saragêni nunggoni ||
17.036 Kyai Gulung lawan Kyai Singalodra | lawan Ki Gunturgêni [1: 98: Gunturgê...ni] | sapraptaning ngarsa | sira Ki Wăngsadipa | sanjata dipun pilihi | ingarah-arah | tibane ingkang mimis ||
17.037 Jagatamu mêngsah Sampang amalatar | ya ta pun Kumbarawi | wau kang prayoga | nênggih anibanana | ing Jagatamu ngungkuli | sigra pinasang | wau pun Kumbarawi ||
17.038 Jagatamu wau kang ingarah-arah | pan sampun dèn isèni | ingantêp isinya | mimise wus pinasang | sigra sinulêd tumuli | sanjata munya | lir obah kang pratiwi ||
17.039 mimis mêsat anibani pasanggrahan | Jagatamu bênêri | gègère puyêngan | kayu katiban sêmpal | wau katrajang ing mimis | saking ing ngarsa | langkung agêng kang mimis ||
17.040 kang kasrampang wong Sampang kathah kang pêjah | tyang pasisir awingwrin | lan măncanagara | dènira kaungkulan | kawuwung saking ing wukir | ing pasanggrahan | ingulukan ing mimis ||
17.041 tan antara mimis malih anarajang | wau saking ing wukir | kathah ingkang wrêksa | sami katrajang sêmpal | ya ta wau anibani | têngah pondhokan | gègère tan sinipi ||
64–65 dari 225