Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17 dari 46
65–66 dari 225
646–655 dari 2.243
17.042 Jagatamu gègèrira apuyêngan | dene katiban mimis | akathah kang pêjah | lumayu salang-tunjang | bodhol sakèhing kang baris | apapuyêngan | ing Jagatamu gusis ||
17.043 pan kalulun bêdhol baris apuyêngan | ing Jagatamu gusis | tiyang ing Madura | kalawan wong Makasar | ing Kudus kang dipun ungsi | banjur mangetan [1: 99: mangeta...n] | kuwur ingkang wadya lit ||
17.044 kawarnaa Ki Ngabèi Wăngsadipa | apan gunêman sami | lawan para putra | arsa atur uninga | dhatêng Sang Prabu Matawis | yèn ing Japara | wau dipun unggahi ||
17.045 wong Madura kawan dasa ingkang pêjah | kupinge dèn irisi | karsanya binêkta | katura ing sang nata | saksana lumampah aglis | lan putranira | ingutus mring Matawis ||
17.046 kawarnaa solahe ingkang utusan | apan datan alami | ya ta duta Sampang | minggah dhatêng Mataram | prajurit anglêlanangi | Ki Mangkuyuda | wau ingkang kêkasih ||
17.047 mêdal Jipang pan anjog ing Jagaraga | tiyang măncanagari | bang wetan sumahab | sagunging kang gêgaman | Ki Mangunyuda dèn iring | lan wong Madura | solahnya gêgilani ||
17.048 nagri Pajang maksih băngga linawanan | kalawan ing ajurit | nanging tan kawawa | nagri Pajang wus rusak | tiyang alit samya wingwrin | marang wong Sampang | lir banthèng tawan kanin ||
17.049 Mangkuyuda kang dadi têtindhihira | solahe nglêlanangi | nagari ing Pajang | anungkul kaèbêkan | tiyang ing jro kitha tintrim | tiyang ing Sampang | tan pêgat jêjarahi ||
17.050 Mangkuyuda wus prapta anèng Kajoran | saha bala prapta glis | Panêmbahan Rama | sampun kumpul samana | pan angadêgakên baris | anèng Kajoran | tya[1] Madura kinanthi ||
17.051 ing padesan rinayah kathah binahak | kang tumut [1: 100: tu...mut] ing Matawis | wong desa puyêngan | samya abilunglungan | ingkang amiyarsa tintrim | dene wong Sampang | nginggahi mring Matawis ||
65–66 dari 225

 


tyang. (kembali)