Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
17–18 dari 46
67–68 dari 225
669–678 dari 2.243
17.065 Pangran Adipati lagyamit ing rama | lan Pangran Singasari | Pangran Pugêr ika | lan Pangran Martasana | mring rama atampi wêling | padha dèn yitna | sun srahakên Hyang Widhi ||
17.066 para putra sampun arakit sadaya | kondur sri narapati | malêbêt ing [1: 102] pura | ing jawi awurahan | punggawa lan para mantri | mêpak gêgaman | kadya prawata sari ||
17.067 sampun kondur Pangran Dipati Mataram | lan Pangran Singasari | Pangran Martasana | lan Pangran Pugêr ika | wus kondur saking tinangkil | sigra adandan | ngrasuk kaprabon jurit ||
17.068 wus sumahab wau kang turăngga aglar | anglir prawata sari | baris ing kaputran | gêgaman warna-warna | wus pêpak kang ponang baris | dyan kawarnaa | Jêng Pangran Adipati ||
17.069 wus siyaga sadandananing ayuna |[1] waos agêm wus mijil | miwah kang sanjata | andhèr wus tinanggapan | ing wadya andêling wèsthi | para lêlurah | sami saos ing jawi ||
17.070 Pangran Adipati wus ngrasuk busana | sakapraboning jurit | nyuriga wangkingan | rasukan lapis tiga | kadi hyang asmara rêsmi | wus asiyaga | pangran dipati mijil ||
17.071 ginarêbêg dening sagung para lurah | miwah andêling wèsthi | lir gêrah kasapta | wau swaraning bala | kêrigan wadya Matawis | lir wrêdu ăngga | kumêndhêng baris wingking ||
18. Pangkur
18.001 budhal baris ing Mataram | yèn sinawang kadya prawata sari | lêlayu myang umbul-umbul | katub ing samirana | asrang munya swaraning bala gumuruh | pan kadya prawata sêkar | kriciking watang agathik ||
18.002 Pangran Dipati Mataram | nitih kuda rêspati songsong kuning | waos sulam munggèng pungkur | mamas kang munggèng ngarsa | payung agung amarapit munggèng ngayun | ingkang munggèng wuri [1: 103] pisan | wong satus anumbak putih ||
18.003 ginarêbêg para lurah | atanapi para andêling wèsthi | kang rayi anèng ing pungkur | sami nitih turăngga | ginarêbêg kang nitih kuda gumrudug | langkung asri tiningalan | sami sinongsongan kuning ||
67–68 dari 225

 


ayuda. (kembali)