Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18 dari 46
70–71 dari 225
695–704 dari 2.243
18.020 sampunira jinarahan | wong Kajoran binakta mring Matawis | Pangran Dipati wus kondur | lawan para santana | tan kawarna kang mantuk marang Matarum | sira Pangeran Kajoran | lajêng dhatêng Surabanggi ||
18.021 wus panggih lawan kang putra | Trunajaya langkung marmaning galih | tan kawarna laminipun | ya ta gantya carita | Panêmbahan Madurêtna wus arêmbug | kalawan Raja Makasar | minggah dhatêng ing Matawis ||
18.022 miwah Panêmbahan Rama | angrêmbagi èstu kalawan pasthi | ing Mataram pan wus sêpuh | usume [1: 106] yèn risaka | wus pêpakan gêgaman sajuru-juru | pasisir măncanagara | wau kang sami ambalik ||
18.023 wus samya mêpak gêgaman | rakit sêdya minggah dhatêng Matawis | wus prapta samayanipun | sigra anulya bubar | prajurite wong Sampang ingkang rumuhun | wau kinèn dhinginana | sakathahe ponang baris ||
18.024 Trunajaya dèrèng obah | kang prajurit kinèn minggah rumiyin | dene ta pangajêngipun | sira Dhaèng Marewa | miwah Dhaèng Busung Mrênung datan kantun | solahira anglir yaksa | pan sarêng bubar kang baris ||
18.025 tiyang ing măncanagara | samya ngiring ing bang wetan prasami | lawan sagêgamanipun | yèn tinon pan sumahab | tan kawarna lampahing baris anglarug | sakathahe wong bang wetan | suyut manahira wingwrin ||
18.026 datan kawarna ing marga | lampahira ing Garompol wus prapti | ya ta pamondhokan kumpul | dènnya apradandanan | lan ngêntèni rowangira ingkang kantun | anèng sabranging bangawan | kalangkung agêng kang baris ||
18.027 wong sabrang wetan puyêngan | kagegeran sadaya sami ngili | lumayu arêbut dhucung | miwah saanak rena | tiyang Sampang ambêbajag solahipun | anglir pendah saradula | singa băngga dèn patèni ||
18.028 tiyang èstrine binahak | jinarahan rajakayane ênting | wong Pajang sami misuwur | yèn wong ing Sampang minggah | sampun prapta sabrang bangawan [1: 107: banga...wan] gènipun | ing Garompol binarisan | risak wong têpis bênawi ||
18.029 tiyang Pajang apuyêngan | samya ngili manahira awingwrin | dene ing warta misuwur | yèn arsa ingunggahan | dene tiyang Madura nèng sabrang banyu | para punggawa ing Pajang | prasamya amêpak baris ||
70–71 dari 225