Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
18 dari 46
69–70 dari 225
683–692 dari 2.243
18.008 akanthi Dhandhangwacana | ingkang kinèn bêbahak têpis wiring | ing Pajang pan sampun nungkul | marang Dhandhangwacana | lan dinuga-duga nagari Matarum | yèn antuka ingkang sabda | mring panêmbahan sayêkti ||
18.009 samana apagunêman | panêmbahan lan Ki Mangunyudèki | ing mêngko pan durung ungsum | angantia [1: 104: a...ngantia] sawarsa | pitungkasên Si Dhandhangwacana iku | yèn wong Mataram narajang | aja pati dèn lawani ||
18.010 ing Kajoran sampun prapta | wong Mataram sampun prayitnèng wèsthi | ing Kajoran wus kinêpung | sampun sami siyaga | sadandananing yuda pêpak sadarum | sakathahe wong Kajoran | prasamya sudirèng wèsthi ||
18.011 miwah kang para sakabat | sêdyanira arsa labuh ing gusti | tiyang Madura kumrutug | sira Dhandhangwacana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing Mataram | surake awanti-wanti ||
18.012 tanapi tiyang Kajoran | wus akumpul sami mêtoni jurit | tiyang Madura anggrêgut | tanapi wong Mataram | sami purun kadar pira mungsuhipun | tiyang ing Mataram kathah | ya ta campuh ing ajurit ||
18.013 arame kang ponang yuda | wong Madura kalawan wong Matawis | swaraning surak lir guntur | sêsambating kabranan | ingundurkên ing wingking gya mangsah purun | wantu kêdhik wong Madura | yudanira wus kalindhih ||
18.014 prajurite kathah pêjah | wong Kajoran sigra wau nulungi | gêgamanira anggrêgut | nanging kathahên lawan | wong Kajoran akathah ingkang kasambut | wantu kêkathahên lawan | sasat karubuhan langit ||
18.015 mundur tiyang ing Madura | wong Kajoran undurira awingwrin | ya ta kasaput ing dalu | sami amêmondhokan | arêrangkah sami prayitna ing kewuh | wau tiyang ing Madura | manahe tan kêna pulih [1: 105] ||
18.016 tanapi tiyang Kajoran | pan sadaya manahnya sami giris | dene ta karoban mungsuh | prasami rêrêmbagan | Panêmbahan Rama lan santananipun | prayoga yèn ngêmbulana | mangetan nunggal sawiji ||
18.017 Mangkuyuda sigra mojar | pan kawula tampi pitungkas jurit | inggih kang kinèn alaju | pitungkas putra tuwan | Dhandhangwacana kang kinèn mring Matarum | yèn gampil dèn lajêngêna | lan untabing wong Matawis ||
69–70 dari 225