Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 46
75–76 dari 225
744–753 dari 2.243
19.036 ilang siji sok sira iki misiha | biyangêne si kênyik | sun ênggo bibitan | payo sêlak katunjang | wênèh angulari rabi | katunjang kathah | wênèh pisah lan laki ||
19.037 ambondhèti marang ing wong lanang liya | awak ingsun kiyai | dawêg dika bêkta | benjang yèn karta jaman | lah kula andika kawin | sun angawula | prandene laki mami ||
19.038 tan karuwan pêjah lawan gêsangira | kathah polahing èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | alorodan dènnya ngili | tut wingking sira | marang sri narapati ||
19.039 ingkang sugih anak sakalangkung susah | ginendhong myang dèn indhit | sawênèh punika [1: 113: puni...ka] | ana winot ing kuda | pating barêngok anangis | kawêlas arsa | kang maksih dèn susoni ||
19.040 kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | sampun nabrang ing Praga | mangilèn sinêdya ngungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||
19.041 kawarnaa Ki Tumênggung Mangkuyuda | sampun midhangêt warti | yèn Prabu Mataram | gingsir saking ing pura | mangilèn nabrang Paragi | suwung ing pura | para putra tan kari ||
19.042 risaksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya malêbèng pura | prasamya angrêrayahi | lir singa lodra | puyêngan jroning puri ||
19.043 Ki Tumênggung Mangkuyuda anèng pura | wau kang dèn kakahi | tiyang ing Mataram | kang kari apuyêngan | sakalangkung kawlas asih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||
19.044 sakalangkung wong Madura kumawawa | solahe gêgilani | pan dadya bêbasan | bajag ing Sampang rêsah | giris kang samya ningali | dhasar andhugal | mênyang prang saya baring ||
19.045 Kyai Dhandhangwacana kinèn nusula | marang sri narapati | bêkta tiyang Sampang | miwah tiyang Makasar | anututi mring narpati | tiyang Mataram | kang kacandhak kèh mati ||
75–76 dari 225