Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 46
74–75 dari 225
739–748 dari 2.243
19.031 malêm Ngahat tanggal kaping wolu Sapar | taun Be măngsa kalih | nulya sinangkalan | lolosira sang nata | busêkan ing wong Matawis | pan sirna ilang | rasaning bumi singgih |[1]|
19.032 pan ing dalu budhale sri naranata [1: 112: narana...ta] | saking sajroning puri | ing pura puyêngan | tangis kadya ampuhan | tunjang-tinunjang pawèstri | sakêlarira | dunyane dèn bêktani ||
19.033 apuyêngan tambuh mungsuh lawan rowang | gègèrira ing wêngi | wisma ingobongan | tangis kadya ampuhan | kadi gabah dèn intêri | wadya Mataram | samya arêbut urip ||
19.034 salang-tunjang kasêlak pisah lan rowang | amung kang anak rabi | binêkta tan pisah | dunya datan kaetang | amung anake dèn indhit | gigal dêdalan | anak datan katolih ||
19.035 rabinira angucap nakira gigal | kang lanang anauri | gigal cik noraa | ginawe apa bocah | prandene gampil kinardi | balikan sira | kang wajib pinapêtri ||
19.036 ilang siji sok sira iki misiha | biyangêne si kênyik | sun ênggo bibitan | payo sêlak katunjang | wênèh angulari rabi | katunjang kathah | wênèh pisah lan laki ||
19.037 ambondhèti marang ing wong lanang liya | awak ingsun kiyai | dawêg dika bêkta | benjang yèn karta jaman | lah kula andika kawin | sun angawula | prandene laki mami ||
19.038 tan karuwan pêjah lawan gêsangira | kathah polahing èstri | mêdal saking kitha | wadyabala Mataram | alorodan dènnya ngili | tut wingking sira | marang sri narapati ||
19.039 ingkang sugih anak sakalangkung susah | ginendhong myang dèn indhit | sawênèh punika [1: 113: puni...ka] | ana winot ing kuda | pating barêngok anangis | kawêlas arsa | kang maksih dèn susoni ||
19.040 kawarnaa sri narendra ing Mataram | ingkang atilar puri | anitih dipăngga | sampun nabrang ing Praga | mangilèn sinêdya ngungsi | kang para putra | tumut tan ana kari ||
74–75 dari 225

 


Tanggal: Ngahat (Ngahad) wolu (8) Sapar Be: sirna ilang rasaning bumi (AJ 1600). Tanggal Masehi: Senin 12 April 1677. Perbedaan satu hari (Ngahad versus Senin) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. (kembali)