Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 46
72 dari 225
711–720 dari 2.243
19.003 Wăngsaprana kang dadya pangawat kanan | ingkang pangawat kering | Arya Măndhalika | miwah tiyang Makasar | kang dadi cucuking jurit | Dhaèng Marewa | lawan Dhaèng Makincing ||
19.004 Busung Mêrnung kalawan Dhaèng Mabelah | gêgamane suligi | towok lawan pêdhang | wong Makasar malatar | miwah kang măncanagari | samya malatar | kadya prawata siwi ||
19.005 ya ta budhal wadya bang wetan sadaya | untabe angajrihi | sira Mangkuyuda | kang dadya gêgunungan | arusuh lampahing baris | tansah bêbahak | wong Madura lir bêlis ||
19.006 ing padesan lor Mataram apuyêngan | sumêdya samya ngili | malêbu jro kutha | wênèh angungsi ngarga | wong Sampang ambêbajagi | wadya Mataram | kang lanang dèn patèni ||
19.007 ingkang èstri tinawan tur dhinedhelan | kumbi ginantung mati | wênèh kinukusan | suprih sami mêdalna | darbèke kang dèn pêndhêmi | dènnya gêgila | wong Madura lir bêlis ||
19.008 tan kawarna lampahe wadya bang wetan | ing Taji sampun prapti | tansah ambêbahak | ing padesan Mataram | nêngêna kang anèng Taji | dyan kawarnaa | Sri Narendra Matawis ||
19.009 pan pinêpak wadyabala ing Mataram | arsa amapag jurit | miwah para putra | lawan para santana | pêpak anèng păncaniti | pan [1: 109: pa...n] asiyaga | sakapraboning jurit ||
19.010 putra sêpuh Pangran Dipati Mataram | sumêdya angawaki | lawan arinira | Pangeran Pugêr ika | lan Pangeran Singasari | lan Martasana | wus siyaga ing jurit ||
19.011 sampun pêpak para dipati Mataram | sakaprabon rinakit | Pangran Pringgalaya | tumênggung ing Mataram | para putra ing Matawis | wus apamitan | mring rama atur bêkti ||
19.012 wus linilan bubar gêgaman Mataram | kang dadi senapati | Pangran Adipatya | rêspati nitih kuda | prajurite amarapit | awarna-warna | gêgamaning Matawis ||
72 dari 225