Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 46
76–77 dari 225
757–766 dari 2.243
19.049 gurawalan ingkang wadya kadhungsangan | manawa dèn tututi | dening wong Madura | langkung dènnya kasêsa | urut sèwu dèn margani | tan kawarnaa | solahira ing margi ||
19.050 putra tiga wau kinèn akantuna | anèng Kajênar singgih | Pangran Pugêr sira | Pangeran Martasana | lan Pangeran Singasari | kinèn ngrêbuta | kadhaton ing Matawis ||
19.051 ingkang rama lajêng mangilèn lampahnya | ing Toyamas wus prapti | praptèng dhusun Ngrama | nênggih ing Kawisanyar | akathah wong ngadhang margi | wong Karanganyar | tembak nèng pinggir margi ||
19.052 ya ta wau jêng susunan kang lumampah | wong dalêm munggèng ngarsi | saksana binegal | dening wong Karanganyar | wong dalêm dipun dhèdhèli | samya dèn rayah | wong dalêm ting jalêrit ||
19.053 sarêng wau katingal jêng susuhunan | ngandika sri bupati | lah iku wong apa | wong dalêm aturira | tiyang bêbegal puniki | sri naranata | mèsêm ngandika aris ||
19.054 iya bênêr wong desa yèn mangkonoa | durung wruh barkat mami | hèh payo dèn enggal [1: 115: eng...gal] | padha nyêbara uwang | anulya kang para gusti | sarêng miyarsa | ngandikaning narpati ||
19.055 pan sadaya wong dalêm anyêbar uwang | wong begal datan mari | maksih angrêrayah | ngandika sri narendra | hèh wong desa nora mari | pinasthi sira | nora slamêt ing wuri ||
19.056 sarêng myarsa ngandikaning sri narendra | lumpuh tan bisa tangi | sami asrah tobat | jêng susunan ngandika | nora ala têka mami | ujêr ta sira | kang pitênah kapati ||
19.057 wong kang lumpuh samya anangis sadaya | jêng sunan was ningali | wis padha tangia | mung sira marènana | sadaya samya tur bêkti | tangi sadaya | samya tur pati urip ||
19.058 sri narendra alon dènira ngandika | iya tarima mami | wis padha karia | sun arsa mring Toyamas | saksana budhal sang aji | saking ing Ngrama | putra kalih tut wuri ||
76–77 dari 225