Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
19 dari 46
75–76 dari 225
750–759 dari 2.243
19.042 risaksana Ki Tumênggung Mangkuyuda | kitha dipun lêbêti | wong Sampang sumahab | samya malêbèng pura | prasamya angrêrayahi | lir singa lodra | puyêngan jroning puri ||
19.043 Ki Tumênggung Mangkuyuda anèng pura | wau kang dèn kakahi | tiyang ing Mataram | kang kari apuyêngan | sakalangkung kawlas asih | sami tinawan | kang lanang dèn patèni ||
19.044 sakalangkung wong Madura kumawawa | solahe gêgilani | pan dadya bêbasan | bajag ing Sampang rêsah | giris kang samya ningali | dhasar andhugal | mênyang prang saya baring ||
19.045 Kyai Dhandhangwacana kinèn nusula | marang sri narapati | bêkta tiyang Sampang | miwah tiyang Makasar | anututi mring narpati | tiyang Mataram | kang kacandhak kèh mati ||
19.046 ingkang nutut cinêpêng gya dhinedhelan | darbèke dèn ambili | kang èstri tinawan | pan sarwi tinataban | gêgamane dèn ambili | sarwi jinamah | ingkang mirsa atintrim ||
19.047 Ki [1: 114] Tumênggung Mangkuyuda kantun pura | dene ingkang nututi | Ki Dhandhangwacana | ngirit bala sumahab | ênêngêna tan winarni | kang kawarnaa | ingkang atilar puri ||
19.048 Sang Aprabu Mataram lan para putra | sampun anabrang gipih | lèpèn Pragawănta | nulya mêdal ing Waja | mangilèn datan anolih | mêdal ing Ngrawa | lampahe sri bupati ||
19.049 gurawalan ingkang wadya kadhungsangan | manawa dèn tututi | dening wong Madura | langkung dènnya kasêsa | urut sèwu dèn margani | tan kawarnaa | solahira ing margi ||
19.050 putra tiga wau kinèn akantuna | anèng Kajênar singgih | Pangran Pugêr sira | Pangeran Martasana | lan Pangeran Singasari | kinèn ngrêbuta | kadhaton ing Matawis ||
19.051 ingkang rama lajêng mangilèn lampahnya | ing Toyamas wus prapti | praptèng dhusun Ngrama | nênggih ing Kawisanyar | akathah wong ngadhang margi | wong Karanganyar | tembak nèng pinggir margi ||
75–76 dari 225