Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 46
11–12 dari 225
109–118 dari 2.243
02.021 inggih bêkisar puniki | pawèstri asale kina | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelak | bêkisar sagêd kaluruk | mangke katur ing sang nata ||
02.022 bisa nukmèng agêng alit | ing wiweka sampun nêlas | graita landhêp sêmune | Jêng Pangeran Surabaya | sampun kinèn mantuka | samana pan sampun mantuk | warnanên sri naranata [1: 16] ||
02.023 enjing sang nata tinangkil | pinarak ing kamandhungan | maksih kagugu manahe | kang Paman ing Surabaya | ngaturakên bêkisar | pawèstri purwakanipun | lami-lami dadi lanang ||
02.024 sang nata emut ing galih | wirayate ing Mataram | susunan panjênêngane | tan lyan ingkang gumantia | lawan putra kang tuwa | patutan Surabayèku | sri narendra angandika ||
02.025 marang sakèh para mantri | pan mantri lêbêt kewala | hèh sakèhe wadyaningong | Si Paman ing Surabaya | wingi awèh bêkisar | pawèstri ing purwanipun | lami-lami dadi lanang ||
02.026 pangrasane ati mami | Paman Surabaya ika | awèh pasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanodya | pan mangke wus asêsunu | putune pan mêtu lanang ||
02.027 anak ingsun ki dipati | ing mangke pan wus diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | dadi anggege măngsa | wong tuwa pan ora patut | dene anggegea măngsa ||
02.028 sakathahe para mantri | langkung sami ajrihira | mirsa sang nata bêndune | nulya bubar sri narendra | malêbêt ing jro pura | tan winarna lamènipun | wong pura akèh awarta ||
02.029 misuwur wong sanagari | Pangeran ing Surabaya | sampun miyarsa wartane | yèn sang nata sangêt duka | margi saking bêkisar | sakalangkung ajrihipun | tinarka asung sasmita ||
02.030 datan nyana tan angimpi | darbe raos kang mangkana | sang nata salah tampane [1: 17: tampa...ne] | dadya Pangran Surabaya | arsa marêk sang nata | atur pêjah gêsangipun | sarayate dipun bêkta ||
11–12 dari 225