Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
2 dari 46
9–10 dari 225
90–99 dari 2.243
02.002 nahan kawarna ing margi | prapta ing Kadhiri sira | samana wus mundhut loloh | wusing nguntal lolohira | ing sampune karasa | nulya seda kya tumênggung | tinangisan pra santana ||
02.003 kunarpa wus dèn bêciki | karsanira pra santana | layone ginawa mulèh | nanging sami acawêngah | dene wêwêkasira | sigra aputusan mantuk | sampun ngaturi uninga ||
02.004 yèn Ki Wiraguna mati | Ki Tumênggung Danupaya | kalangkung sangêt sakite | Balambangan sampun bêdhah | sèwu kang bêboyongan | sigra aputusan sampun | lampahe asêsandêran ||
02.005 datan kawarna ing margi | wus prapta nagri Mataram | wus katur dhatêng sang katong | saature kang utusan | purwa dhatêng wêkasan | sri narendra langkung bêndu | nulya angutusi bala ||
02.006 lah ta wong Singanagari | Martalulut lumakua | papagêna ing lakune | Si Tumênggung Wiraguna | jisime dèn pêndhêma | yèn kapapag ing dêlanggung | sanak putune sadaya ||
02.007 ingkang mêksih sami urip | iku padha patènana | utusan wus mentar kabèh | datan kawarna ing marga | lampahe sampun prapta | sadaya sampun kapêthuk | anjujug ing pamondhokan ||
02.008 anak putune apanggih | sadaya wus sinudukan | pan kalih wêlas kathahe [1: 14] | sadaya wus pinêjahan | pinêtak gone kana | Asmaradana winuwus | ambubarakên gêgaman ||
02.009 Ki Danupaya miyarsi | jisime Ki Wiraguna | pinêndhêm anèng ênggone | nak putune pinêjahan | kalih wêlas sadaya | Danupaya sampun nglampus | sangsaya sangêt kang gêrah ||
02.010 sigra amundhut jêjampi | Ki Tumênggung Danupaya | gêring kawit ing nalane | awor trêsna ing pangeran | kawarta wus palastra | mila atêmahan nglampus | kang loloh sampun inguntal ||
02.011 ki tumênggung angêmasi | jisime pinêtak marga | tan kawarna ing lampahe | Tumênggung Asmaradana | prapta Taji araryyan | pan sampun awêling atur | yèn botên wontên timbalan ||
9–10 dari 225