Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
20 dari 46
79–80 dari 225
784–793 dari 2.243
20.017 miwah wadya ing Kalagan | sêdya ngantêpi ing jurit | wus sami pêpak sadaya | sagunging para prajurit | sigra umangsah aglis | para santana anggrêgut | Radèn Prawiratruna | Radèn Wiramanggalèki | atanapi Tumênggung Gajah Pramada ||
20.018 Jêng Pangeran Martasana | lan Jêng Pangran Singasari | sami anindhihi yuda | sumêdya angrêbut wuri | sigra campuh ing jurit | arame buru-binuru | tiyang Sampang kasoran | akathah samya ngêmasi | wong Madura sampun binujung mangetan [1: 119] ||
20.019 ya ta prajurit Kalagan | dènira buru angungkih | wus nabrang ing Jagabaya | sumêdya angrêbut puri | sadaya angsal galih | tiyang Bagêlèn anggrêgut | kang sinêmbah ngalaga | wau kalawan kang rayi | wus anabrang wau lèpèn Jagabaya ||
20.020 wau tiyang ing Madura | palayune tan anolih | kalawan tiyang Makasar | sumêdya kitha dèn ungsi | warnanên ingkang kari | kang ngakahi ing Matarum | Tumênggung Mangkuyuda | mêmpên jro pura Matawis | solahira wong Sampang kadi rêksasa ||
20.021 Dipati Sampang kacandhak | ingkang anèng ing Matawis | Ki Dipati Cakraningrat | pan sampun kacêpêng lami | dene ingkang prajurit | Ki Mangkuyuda linuhung | wus binoyong mangetan | kalawan saanak rabi | sampun katur marang Radèn Trunajaya ||
20.022 ya ta wau ingkang Paman | Cakraningrat dèn sakiti | dinèkèk ngalas Lodhaya | wau ta lawan kang rayi | langkung kawêlas asih | ênêngêna tan winuwus | sira Dhandhangwacana | sagêgamane ngajrihi | ya ta wau mêlatar sawadyanira ||
20.023 ya ta tiyang ing Mataram | akathah kang sami prapti | samya ngulati bêndara | ingkang mawut duk kariyin | angilèkkên kang èstri | kalawan ing anakipun | wus gênah gya tinilar | pan sami nusul ing gusti | sami prapta sowan marang panêmbahan ||
20.024 sami lajêng angawula | wau dhatêng ing narpati | panêmbahan ing ngalaga | saya akukuh kang jurit | dene tiyang Matawis [1: 120: M...atawis] | ingkang mawut sami kumpul | lampahe sampun prapta | wau nagari Matawis | pan abaris anèng sajawining kitha ||
20.025 Ki Tumênggung Mangkuyuda | wau kang anèng jro puri | kalawan Dhandhangwacana | lawang kitha dèn tangkêpi | manahnya sami miris | wong Madura kang kaburu | miwah bala Makasar | manahe prasamya miris | ingkang anèng jawi kitha amêlatar ||
20.026 jêng sinuhun ing ngalaga | kang sêdya angrêbut puri | tan kawarna lampahira | dènira amangun jurit | wong Madura pan miris | samya alolos ing dalu | Tumênggung Mangkuyuda | saking kadhaton Matawis | sabalane ingkang kari gurawalan ||
79–80 dari 225