Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
20 dari 46
78–79 dari 225
776–785 dari 2.243
20.009 kapanggih lawan kang rama | apan tulus angêmasi | ing jro supêna pan wikan | ngandika balia kaki | rêbutên ing Matawis | ing mêngko iki wus ungsum | akuthaa ing Jênar | sarêng nglilir kang aguling | rajaputra gêgêtun supênanira ||
20.010 anari para punggawa | atanapi para mantri | kalawan kang para tapa | karsanira sang apêkik | arsa jumênêng aji | sineba pra mantri agung | sakèhing pra punggawa | sadaya sami nyondhongi | atanapi wau ingkang para tapa ||
20.011 ya ta sang raja pinutra | pan sampun jumênêng aji | senapati ing ngalaga | sayidin panatagami | ing Jênar dèn kithani | Purwagănda wastanipun | samya suyut sadaya | wadya Bagêlèn prasami | yèn sineba pinarak anèng dhêdhampar ||
20.012 para santana akathah | wau ingkang angantuni | Rahadèn Wirataruna | Radèn Răngga maksih kari | tanapi para mantri | Gajah Pramada pan kantun | ngawula radèn putra | miwah ingkang rayi kalih | wong Bagêlèn sami kinulawisudha ||
20.013 wau limane sang nata | tinilar anèng ing margi | apan sampun pinurugan | warnanên ingkang nututi | tiyang Madura nênggih [1: 118: nêng...gih] | Dhandhangwacana pangayun | kandhêg ing Jagabaya | solahe anggêgilani | wong Kalagan pan sami mapag ing Waja ||
20.014 tiyang Bagêlèn sumahab | prasamya ngantêp ing jurit | kang para mantri Kalagan | sadaya sami ngawaki | langkung ramening jurit | ing Jagabaya prang pupuh | datan arsa mundura | Dhandhangwacana prajurit | pan kudane datan pasah dening braja ||
20.015 arame prang long-linongan | ing sabên dina ajurit | kalawan wong ing Kalagan | arame bêdhil-binêdhil | wadya akathah mati | arame buru-binuru | anèng ing Jagabaya | wong Bagêlèn kang nindhihi | sagung para putra santana Mataram ||
20.016 ing sabên dina ayuda | kèndêl kasaput ing wêngi | enjang anêmbang têngara | Dhandhangwacana ngundhangi | ing wadya lan prajurit | tiyang Madura anggrêgut | angantêp ing ayuda | tiyang Makasar ing kering | wong Madura prajurite wus siyaga ||
20.017 miwah wadya ing Kalagan | sêdya ngantêpi ing jurit | wus sami pêpak sadaya | sagunging para prajurit | sigra umangsah aglis | para santana anggrêgut | Radèn Prawiratruna | Radèn Wiramanggalèki | atanapi Tumênggung Gajah Pramada ||
20.018 Jêng Pangeran Martasana | lan Jêng Pangran Singasari | sami anindhihi yuda | sumêdya angrêbut wuri | sigra campuh ing jurit | arame buru-binuru | tiyang Sampang kasoran | akathah samya ngêmasi | wong Madura sampun binujung mangetan [1: 119] ||
78–79 dari 225