Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 46
82 dari 225
811–820 dari 2.243
21.011 nglampus ing driya atêmah brangti | Pangran Adipati ing Toyamas | anggung mendra ing sêdyane | apan sampun anglampus | tan anêdya wau ngulati | ing marga kawibawan | wau sêdyanipun | karsa ngaos dhatêng Mêkah | sakathahe punggawa anggêgendholi | sadaya tan arêmbag ||
21.012 aturira [1: 124] samya ngasih-asih | dados punapa ingkang tinilar | sintên ginendholan ngakèh | abdi paduka agung | sintên gusti ingkang nguyuni | pangraosing kang manah | ing sasedanipun | rama tuwan sri narendra | mung paduka pangeran dados gêgênti | nguyuni wong Mataram ||
21.013 kawarnaa kang anggung prihatin | Pangran Adipati ing Mataram | tambuh paran ing karsane | dene nagarinipun | ing Mataram wus bosah-basih | kaluluh ingkang rama | seda Têgalarum | tambuh raosing kang driya | alêlana tan ana sinêdyèng galih | anèng tanah Toyamas ||
21.014 para mantri akathah ngaturi | ingkang para santana Mataram | warnanên Dipati Anèm | asarean sang bagus | panakawan ingkang mêtêki | anèng masjid Toyamas | sira sang abagus | apan lagya sêsarean | panakawan kang sêdhêng amêmêtêki | duk sare rêm-rêm ayam ||
21.015 panakawan taksih amêtêki | nulya ana wulan pitu prapta | têka manjing ing jajane | masjid katon garuwung | sirah gada datan kaèksi | namung langit kawuryan | sasi duk tumurun | tiningalan kamanungsan | salandheyan cinandhak-candhak tan kêni | têka manjing ing grana ||
21.016 raja pinutra kagyat anglilir | duk alênggah anèng pasarean | pungun-pungun panglilire | dening supênanipun | rajaputra sampun udani | yèn sasmitaning Allah | wau ingkang rawuh | sanès surasaning manah | lan ing nguni sajagad [1: 125: sajaga...d] Jawi puniki | wus kagêm ingkang ngasta ||
21.017 cahyanira rahadèn dumêling | dene kadya sasi kapurnaman | amicorèng ing driyane | salami-laminipun | mangkenea rasaning galih | kaya ta nora bêdhah | nagri ing Matarum | karsane rahadèn putra | arsa madêg narendra padha samangkin | anggêntosi kang rama ||
21.018 sakathahe jêjimat Matawis | sampun wontên sang raja pinutra | para wasiyate kabèh | ya ta nulya rinasuk | Ki Bêlabar sampun winangking | pinarak ing dhêdhampar | punggawa supênuh | sakathahe kang kawula | samya gêtun wau ningali ing gusti | sanès kalawan saban ||
21.019 cahyanira anglir pendah sasi | samya kucêm cahyane kang seba | wadya tinimbalan kabèh | miwah kang kamisêpuh | radèn putra madêg narpati | Susunan Amangkurat | jêjuluking ratu | Senapati ing Ngalaga | kang punggawa sadaya samya ngrêmbugi | ing karsane rahadyan ||
21.020 sakathahe kang jinunjung linggih | wau ingkang abdinira lama | lêlurah ing kadipatèn | sami sinung lêlungguh | kang sawênèh alinggih lampit | ana jumênêng răngga | sawênèh tumênggung | tanapi ngabèi dêmang | pan warata sadaya kang abdi lami | pan kinulawisudha ||
82 dari 225