Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 46
83–84 dari 225
826–835 dari 2.243
21.026 aprakawis mêngsah dalêm gusti | ing Madura miwah pun Makasar | ing bang wetan sadayane | kawula gusti sanggup | sagêndhinge ngêmbari jurit | nadyan silih wuwuha [1: 127: wuwuh...a] | akêthèna tangguh | tan gumingsir ing ayuda | sri narendra mèsêm angandika aris | sun trima Martalaya ||
21.027 wruhanira sira sun tuturi | kala ingsun misih nèng wêtêngan | duk ibu lagi tingkêbe | duk swargi eyang ingsun | kangjêng sultan rajèng Matawis | ibu marêk ing eyang | prapta ing kadhatun | sultan alênggah dhêdhampar | sapraptane ibu nulya têdhak aglis | saking luhur dhêdhampar ||
21.028 eyang ingsun ratu kulon aglis | matur marang kangjêng eyang sultan | sultan punapa karane | nimbok mantu kang rawuh | dene tuwan tumêdhak aglis | sultan alon ngandika | marang eyang ratu | nimbok ratu wruhanira | dudu mantunira kang ingsun udhuni | kang anèng jro wêtêngn |[1]|
21.029 iya iku kang ingsun udhuni | apan iku padha lawan ingwang | dadi ratu iku têmbe | punjul samaning ratu | tur abala bacingah benjing | lah iku Martalaya | marmane ta ingsun | amundhut bala Walănda | akongkonan marang nagari Batawi | mring si gurnadur jendral ||
21.030 Martalaya mênêng datan angling | dene wau kaluhuran sabda | apan anurut karsane | sri narendra anuduh | kang lumpah marang Batawi |[2] Ki Arya Măndaraka | wau kang ingutus | amundhi surat narendra | wong kêkalih Ki Ngabèi Sidagati | juru mudhi wong Têgal ||
21.031 lèngsèr saking ngarsaning narpati | langkung sigra Arya Măndaraka | muara Têgal jujuge | numpak [1: 128: numpa...k] ing samodra gung | tan winarna ingkang lumaris | kawuwusa sang nata | wau ingkang kantun | anèng têlatah Toyamas | angundhangi ingkang wadya agung alit | arsa budhal mring Têgal ||
21.032 angandika alon sri bupati | dhatêng kang abdi kapêdhak lama | Ki Pranataka namane | hèh gêndhewor sirèku | lumakua sira dèn aglis | sun utus marang Donan | ing masigid watu | iya ing Nungsa Bêrambang | angambila sêkar wijayadi luwih | iya jayakusuma ||
21.033 aja mulih yèn ta durung olih | nadyan silih jambul wanên sira | sun upatani yèn mulèh | yèn ana kang pitulung | dene têka gampang ing benjing | kêmbang wijayamulya | mring sira kapangguh | wotsêkar Ki Pranataka | tur sandika ing karya datan gumingsir | nadyan dhumatêng pêjah ||
21.034 sampun lèngsèr saking ing ngarsa ji | Pranataka sêdya marang Donan | anglugas raga lampahe | warnanên sang aprabu | nulya nêmbang têngara aglis | budhal saking Toyamas | kang wadya gumuruh | dhatêng nagari ing Têgal | angêntosi utusan kang mring Bêtawi | Ki Arya Măndaraka ||
21.035 Martalaya lumaku ing ngarsi | sampun prapta ing nagari Têgal | Martalaya srah purane | wus rawuh sang aprabu | ing dalême Martalayèki | dene wadya punggawa | anèng ngalun-alun | lan Dipati Martalaya | pan atugur anèng kori kaping kalih | wadyanira malatar ||
83–84 dari 225

 


Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu a: kang anèng jro wêtêngan. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang lumampah marang Batawi. (kembali)