Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 46
84–85 dari 225
834–843 dari 2.243
21.034 sampun lèngsèr saking ing ngarsa ji | Pranataka sêdya marang Donan | anglugas raga lampahe | warnanên sang aprabu | nulya nêmbang têngara aglis | budhal saking Toyamas | kang wadya gumuruh | dhatêng nagari ing Têgal | angêntosi utusan kang mring Bêtawi | Ki Arya Măndaraka ||
21.035 Martalaya lumaku ing ngarsi | sampun prapta ing nagari Têgal | Martalaya srah purane | wus rawuh sang aprabu | ing dalême Martalayèki | dene wadya punggawa | anèng ngalun-alun | lan Dipati Martalaya | pan atugur anèng kori kaping kalih | wadyanira malatar ||
21.036 sagunging kang bupati pasisir | ingkang kilèn aseba [1: 129: a...seba] sadaya | ambêkta sagêgamane | langkung dènnya sêsugun | dyan warnanên ingkang lumaris | wus prapta ing muara | lampahira wau | ingkang maring Batawiah | wus kapanggih lawan kang para radpêni | miwah gurnadur jendral ||
21.037 katarima ubayaning tulis | mupakat tuwan gurnadur jendral | miwah para radpênine | sadaya samya rêmbug | ambantoni wadya Kumpêni | senapatining aprang | Amral kang tinuduh | Hèlduwèl Brèh wastanira | pan kaloka ing sabrang prajurit luwih | dhomas saradhadhunya ||
21.038 pan kêkalih mayore winarni | kumêndhamipun apan sakawan | nênggih wolu kapitane | nêmbêlas litnanipun | lopèrèse wêwolu sisih | sarehane nêmbêlas | kopral têlung puluh | kalih sèkrêtarisira | lan malihe Bugis Makasar lan Bali | sèwu Kumpêni Islam ||
21.039 Krang Kadhangkrang mayore wong Bugis | Kraèng Naba mayoring Makasar | punika senapatine | têlas wêwêlingipun | jendral lawan para radpêni | saksana Amral numpak | ing palwa gumuruh | swarane nata gêgaman | sigra layar wus anêngah ing jaladri | sinigêg solahira ||
21.040 kawarnaa kang anglugas ragi | kang dinuta mring Nungsa Bêrambang | Ki Pranataka lampahe | prapta masigid watu | tan anyipta kalamun urip | amung anyipta pêjah | raosing tyasipun | tan adhahar tan anendra | pitung dina anênêdha ing [1: 130] Hyang Widhi | mugi antuka karya ||
21.041 apan sampun karsaning Hyang Widhi | amarêngi ing dintên Jumungah | têngah wêngi ing wayahe | ana katingal mancur | cahyanira ngêbêki bumi | ing wite jayamulya | wau ênggènipun | kang sêkar jayakusuma | mung sarakit nulya pinêthik tumuli | maring Ki Pranataka ||
21.042 langkung bungah dènnya antuk kardi | Pranataka sigra lampahira | maring Toyamas jujuge | prapta Toyamas suwung | lampahira laju mring Têgil | ing ênu tan winarna | ing Têgal wus rawuh | lajêng tumamèng ngayunan | sampun katur sêkar wijayadi luwih | marang sri naranata ||
21.043 kawarnaa ing Dêmak nagari | ing padesan Têpalong punika | Martajaya kêkasihe | gunêm lan arinipun | kang anama Ki Wiramantri | lah adhi ayo lunga | marang Têgalarum | nusul Pangran Adipatya | ing wartane mêngko jumênêng narpati | anèng nagari Têgal ||
84–85 dari 225