Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 46
85 dari 225
841–850 dari 2.243
21.041 apan sampun karsaning Hyang Widhi | amarêngi ing dintên Jumungah | têngah wêngi ing wayahe | ana katingal mancur | cahyanira ngêbêki bumi | ing wite jayamulya | wau ênggènipun | kang sêkar jayakusuma | mung sarakit nulya pinêthik tumuli | maring Ki Pranataka ||
21.042 langkung bungah dènnya antuk kardi | Pranataka sigra lampahira | maring Toyamas jujuge | prapta Toyamas suwung | lampahira laju mring Têgil | ing ênu tan winarna | ing Têgal wus rawuh | lajêng tumamèng ngayunan | sampun katur sêkar wijayadi luwih | marang sri naranata ||
21.043 kawarnaa ing Dêmak nagari | ing padesan Têpalong punika | Martajaya kêkasihe | gunêm lan arinipun | kang anama Ki Wiramantri | lah adhi ayo lunga | marang Têgalarum | nusul Pangran Adipatya | ing wartane mêngko jumênêng narpati | anèng nagari Têgal ||
21.044 arinira alon anauri | punapaa anusul mring Têgal | pan dede kang muktèkake | yèn kakang arsa nusul | dawêg dhatêng nagri Matawis | Pangeran Pugêr mangkya | wontên ing Matarum | kang muktèkakên mring dika | Martajaya amêksa marang kang rayi | kudu nusul mring Têgal ||
21.045 ingkang rayi dadya anuruti | sigra mangkat saking nagri Dêmak | wus prapta Têgal lampahe | lajêng marêk sang prabu | ya ta kagyat sri narapati | mulat Ki Martajaya | angandika arum | hèh iku Si Martajaya [1: 131] | apa sira kinongkon marang si adhi | Martajaya wotsêkar ||
21.046 inggih kajêng kawula pribadi | arsa ngabdi dhatêng ing paduka | sang nata alon dêlinge | bangêt tarimaningsun | Martajaya matur ngabêkti | ngaturkên pêjah gêsang | dhatêng sang aprabu | dene angriyini karsa | ananggulang mêngsah paduka kang prapti | wontên nagari Dêmak ||
21.047 nanging mangke mêngsah dalêm gusti | sampun lorot pun Dhandhangwacana | awangsul mangetan anggèr | angandika sang prabu | angêlara jajahan benjing | barênga lawan ingwang | pirabara besuk | Dêmak sun paringkên sira | Martajaya nêmbah sumungkêm ing siti | langkung dènnya mangrêpa ||
21.048 kawarnaa nagri Surawèsthi | wontên tiyang ingkang asuwita | duk kala kadipatène | kêkalih kadangipun | kang sawiji nèng Surawèsthi | dene ingkang atuwa | Ki Ănggajayèku | angabdi Sunan Mangkurat | ingkang anom Ki Ănggawăngsa wastèki | nusul mring nagri Têgal ||
21.049 panggih lawan sadulurirèki | Ănggawăngsa langkung trusthanira | kapanggih lawan kakangne | ingaturkên sang prabu | angandika sri narapati | lah iya lakonana | larane karuhun | yèn ana rêjaning lampah | Surabaya sun paringkên sira benjing | kalawan kakangira ||
21.050 kawarnaa kang anèng jaladri | lampahira Arya Măndaraka | lawan Amral Hèlduwèl Brèh | prapta muara sampun | wus alabuh palwanirèki | Ki Arya Măndaraka [1: 132: Mă...ndaraka] | umêntas karuhun | kawuwusa sri narendra | duk sineba anèng pintu kaping kalih | andhèr ing wêwingkingan ||
85 dari 225