Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22–23 dari 46
87–88 dari 225
869–878 dari 2.243
22.019 yèn sampun têlas kang karya | kula nuwun dhatêng Jêpara gusti | dene [1: 135: de...ne] Kumpêni kang kantun | satus jagi ing tuwan | pun Kapitan Barnis kang kawula tuduh | lawan pun Kapitan Jusmral | kang rumêksa ing narpati ||
22.020 sang nata alon ngandika | karsanira ingsun têka nuruti | nanging rèrèna karuhun | iya ing têlung dina | wus pinarnah Amral pamondhokanipun | lèngsèr saking ngarsa nata | Ki Măndaraka umiring ||
22.021 timbalane sri narendra | Măndaraka kang amonga Kumpêni | sri naranata wus kondur | ya ta ing pêndhak enjang | siniwaka pra punggawa munggèng ngayun | sira Arya Măndaraka | wus munggèng ngarsa narpati ||
22.022 dangu dènira sineba | arsa junjung marang kang abdi-abdi | wong kadipatèn sadarum | sami sinungan nama | Măndaraka kang wau sampun jinunjung | Adipati Măndaraka | apan kinarya pêpatih ||
22.023 dene wau Pranataka | wus jinunjung Sindurja ingkang nami | Andangkara wastanipun | nênggih Ki Wiradigda | Kyai Sêndhi Ki Urawan wastanipun | Ni Dhakarta wastanira | Tumênggung Binarong nênggih ||
22.024 bêbêktan saking ibunya | pan kaprênah pamanira narpati | apan wus jinunjung lungguh | Rahadèn Nrangkusuma | sri narendra mundhut tiyang Têgalarum | pan kinarya upacara | têlung atus wong pinilih ||
22.025 ingaran wong jagasura | angandika wau sri narapati | maring Arya Sindurjèku | hèh sira ingsun duta | lumakua sira mring desa ing Kêdhu | Malimana ing Mataram | sapa ingkang angênggèni [1: 136] ||
22.026 de Madurêtna ing Batang | kang tinuduh tumut ing Sindurjèki | kêkalih samya wotsantun | mundur saking ngajêngan | wus ambêndhe swaraning bala gumuruh | gumêrgut tandanging bala | wong anom angajak jurit ||
23. Sinom
23.001 Radèn Arya Sindurêja | budhal saking nagri Têgil | lawan Radèn Madurêtna | gumuruh swaraning jalmi | saupacara asri | wong Saragêni nèng ngayun | bandera warna-warna | wong anumbak anèng wuri | busanane lir pendah sêkar sataman ||
23.002 tan winarna solahira | wus lêpas lampahing baris | ing Kaliwungu wus prapta | rêrêb sakala kang baris | saksana budhal enjing | wus ngancik têlatah Kêdhu | Ki Arya Sindurêja | ing Kathithang dèn anciki | kathah prapta sêntanane parimana ||
87–88 dari 225