Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22 dari 46
86–87 dari 225
860–869 dari 2.243
22.010 apa sira nora wikan | lamun iki ana ngarsaning gusti | iya sang rajèng Matarum | aranmu lanat kopar | Mayor Pilham ningali panggêdhenipun | pangrasane dèn niaya | sigra dènnya marêpêki ||
22.011 apan sarwi ngingêr pêdhang | Mayor Pilham babrêngose dèn untir | Ki Martalaya amuwus | hèh sira arsa mêdhang | sri narendra tumingal kalangkung bêndu | ngandika mring Măndaraka | wau kang kinèn anyapih ||
22.012 Amral rinangkul sêksana | marang Arya Măndaraka wus lilih | Hèlduwèl Brèh alon muwus | marang Ki Măndaraka | kayaparan Măndaraka awak ingsun | dhingin sira kang milala | praptèng ngêndon [1: 134: ngê...ndon] tanpa aji ||
22.013 raganingsun mangkenea | pasthi mulih iya marang Batawi | iku sang rajèng Matarum | tan ana parentahnya | Măndaraka nauri sarwi gumuyu | hèh Amral kang ora-ora | iku uga wong ing Têgil ||
22.014 lamun sang nata gusara | itu lari tradhak jaga Kumpêni | pasthine agawe butuh | lan jagad durung rata | nora ana kang gawa obat mimismu | gampang yèn mungsuh wus sirna | ingsun tagihên ing benjing ||
22.015 Amral suka amiyarsa | Măndaraka wau tan kêna têbih | sampun pinaringan suguh | bêras lan bèbèk ayam | kêbo sapi kabèh wong pasisir urun | bêras pirang-pirang koyan | atusan kang kêbo sapi ||
22.016 nulya binage sadaya | langkung suka manahe wong Kumpêni | Hèlduwèl Brèh sigra matur | marang sri naranata | ingkang wêling pun kaki tuwan gurnadur | jendral dhatêng ing kawula | sakarsa paduka aji ||
22.017 masalah badan kawula | dipun kongsi lêbur têngahing jurit | tan arsa gumingsir kewuh | punapa rèh paduka | anglampahi karya tuwan sang aprabu | pêjah gêsanging Walănda | rajèng Mataram darbèni ||
22.018 wêlingipun kaki jendral | sakirange wadya saking Batawi | kang badhe ngadu prang pupuh | Walandi ing Japara | pan punika inggih katura sang prabu | kawula kinèn ambêkta | kantuna kang têngga loji ||
22.019 yèn sampun têlas kang karya | kula nuwun dhatêng Jêpara gusti | dene [1: 135: de...ne] Kumpêni kang kantun | satus jagi ing tuwan | pun Kapitan Barnis kang kawula tuduh | lawan pun Kapitan Jusmral | kang rumêksa ing narpati ||
86–87 dari 225