Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22–23 dari 46
88–89 dari 225
873–882 dari 2.243
22.023 dene wau Pranataka | wus jinunjung Sindurja ingkang nami | Andangkara wastanipun | nênggih Ki Wiradigda | Kyai Sêndhi Ki Urawan wastanipun | Ni Dhakarta wastanira | Tumênggung Binarong nênggih ||
22.024 bêbêktan saking ibunya | pan kaprênah pamanira narpati | apan wus jinunjung lungguh | Rahadèn Nrangkusuma | sri narendra mundhut tiyang Têgalarum | pan kinarya upacara | têlung atus wong pinilih ||
22.025 ingaran wong jagasura | angandika wau sri narapati | maring Arya Sindurjèku | hèh sira ingsun duta | lumakua sira mring desa ing Kêdhu | Malimana ing Mataram | sapa ingkang angênggèni [1: 136] ||
22.026 de Madurêtna ing Batang | kang tinuduh tumut ing Sindurjèki | kêkalih samya wotsantun | mundur saking ngajêngan | wus ambêndhe swaraning bala gumuruh | gumêrgut tandanging bala | wong anom angajak jurit ||
23. Sinom
23.001 Radèn Arya Sindurêja | budhal saking nagri Têgil | lawan Radèn Madurêtna | gumuruh swaraning jalmi | saupacara asri | wong Saragêni nèng ngayun | bandera warna-warna | wong anumbak anèng wuri | busanane lir pendah sêkar sataman ||
23.002 tan winarna solahira | wus lêpas lampahing baris | ing Kaliwungu wus prapta | rêrêb sakala kang baris | saksana budhal enjing | wus ngancik têlatah Kêdhu | Ki Arya Sindurêja | ing Kathithang dèn anciki | kathah prapta sêntanane parimana ||
23.003 akèh kang samya sêsêgah | sakiwatêngêning baris | mring Ki Arya Sindurêja | sakarine ingkang ngili | dhusun ing Kêdhu nênggih | sêmana taksih ra-uru | akèh begal-binegal | yèn bêngi akèh wong maling | apan tukup-tinukup padha marapat ||
23.004 amung Kyai Wăngsacitra | ing Kêdhu mêksih kuwawi | keringan ing tăngga desa | tan ana kang wani-wani | bawa lêksananèki | dhasar sugih anak putu | kiwa têngên ngayunan | suyud sadaya wong cilik | Wăngsacitra umarêk ngarsa Sindurja ||
23.005 langkung têguh Wăngsacitra | anake lanang kêkalih | Ki Lêmbu lawan Ki Buwang | pan samya têguh winarni | anakipun kêkalih | pan samya [1: 137: sa...mya] binêkta wau | seba mring pabarisan | sasêntananira ngiring | Wăngsacitra sampun prapta pabarisan ||
23.006 katur ing Radèn Sindurja | katarima sêgahnèki | sira Arya Sindurêja | kalangkung dènira asih | pan kinèn anguyuni | sêdaya desa ing Kêdhu | lawan wong ing Bumija | samya suyud sadayèki | samya ajrih wong Kêdhu mring Wăngsacitra ||
88–89 dari 225