Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
22 dari 46
86–87 dari 225
852–861 dari 2.243
22.002 lawan kintun ing rêruba | kaatura ing kangjêng paduka ji | lampah kawula kautus | pun jendral suka-suka | dene gusti akarsa mundhut bêbantu | pan kawula binêktanan | kang prajurit warni-warni ||
22.003 sèwu kang Kumpêni Islam | wolung atus inggih Kumpêni kapir | dene wontên tindhihipun | senapatining yuda | inggih Amral Hèlduwèl Brèh wastanipun | Makasar Karaèng Naba | Krang Kudhangkrang[1] mayor Bugis ||
22.004 sri narendra langkung trustha | angandika mring Măndaraka aris | payo timbalana gupuh | marang ing ngarsaningwang | Măndaraka nulya nêmbah awotsantun | lèngsèr saking ngarsa nata | wus prapta pinggir pasisir ||
22.005 Amral sampun dhinawuhan | alah sira ngandikan sri bupati | iya sang rajèng Matarum | arsa panggih lan sira | sira Amral Hèlduwèl Brèh atut pungkur | mring Ki Arya Măndaraka | Kadhangkrang Naba umiring ||
22.006 ya ta wau kawarnaa | kang sinuhun sampun miyos tinangkil | arsa manggihi têtamu | kang saking Batawiah | pêpak andhèr kang wadyabala supênuh [1: 133] | Amral Hèlduwèl Brèh prapta | Măndaraka kang angirit ||
22.007 mayor kêkalih ginawa | myang kumêndhan kapitan samya ngiring | prapta ngarsaning sang prabu | samya ngadêg sadaya | apan sarwi angêmpit têpionipun | kagyat sadaya kang mulat | sri narendra ngandika ris ||
22.008 hèh karane Măndaraka | nora gêlêm seba nèng ngarsa mami | iya Si Walănda iku | matur Ki Măndaraka | inggih gusti apan sampun tatanipun | wontên nagrine piyambak | mara ngadêg ngêmpit topi ||
22.009 mèsêm wau sri narendra | Martalaya sigra dènnya marani | gya Amral cinandhak gupuh | gulune kinèn lênggah | nênggih Amral gèdhèg-gèdhèg datan purun | durung wruh tataning Jawa | Ki Martalaya abêngis ||
22.010 apa sira nora wikan | lamun iki ana ngarsaning gusti | iya sang rajèng Matarum | aranmu lanat kopar | Mayor Pilham ningali panggêdhenipun | pangrasane dèn niaya | sigra dènnya marêpêki ||
22.011 apan sarwi ngingêr pêdhang | Mayor Pilham babrêngose dèn untir | Ki Martalaya amuwus | hèh sira arsa mêdhang | sri narendra tumingal kalangkung bêndu | ngandika mring Măndaraka | wau kang kinèn anyapih ||
86–87 dari 225

 


Krang Kadhangkrang. (kembali)