Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23 dari 46
91–92 dari 225
904–913 dari 2.243
23.028 yèn kongsia milu yuda | wong Prasman lawan wong Inggris | pasthine kalamun gêmpal | ing ganjaran ingsun benjing | angur silih wak mami | ngilangna reyal karuhun | dadia opahira | wong Prasman lawan wong Inggris | sun awatne pêparinge sri narendra ||
23.029 wong Inggris wus kinèn ngundang | tan adangu nulya prapti | ing ngayunanira Amral | Amral wuwusira manis | wong Prasman lan wong Inggris | timbalanira sang prabu | dènira tulung yuda | pan wus tinarima kasih | miwah sira pinaringan kalih lêksa ||
23.030 anging ta nuli lungaa | saka ing nagara ngriki | wong Inggris alon turira | prau kawula pan gusis | kadamêl angusungi | dagangan binêkta mantuk | Amral alon angucap | iya ta ingsun gawani | palwaningsun satus sun wèhakên sira ||
23.031 palwa sampun tinampanan | wong Inggis Prasman nulyamit | samya numpak ing baita | sapraptanirèng jaladri | palwane dèn uncêki | dening Walănda wus butul | sadhatêngirèng têngah | palwa kèrêm kêbak warih | samya pêjah wong Inggris lawan wong Prasman ||
23.032 Amral sampun mring pondhokan | warnanên sri narapati | budhal saking Pakalongan | miyos nglautan narpati | para garwanirèki | sadaya pan maksih [1: 142] kantun | wontên ing Pangangsalan | ing wau sri narapati | wus alayar sagunging para punggawa ||
23.033 ambabar anèng lautan | baita awarni-warni | lir paksi krêndha rêratyan | gumêrah swaraning jalmi | tinon awarni-warni | ing samodra kadi mêndhung | ing laut tan winarna | lampahe sri narapati | pangarsane wus umanjing ing muara ||
23.034 wus mêntas sri naranata | miwah wadya agung alit | ya ta wau sri narendra | cinandhak astanya ririh | marang Amral tumuli | dyan nginggahkên tratag agung | Kumpêni bêrondongan | mariyêm awanti-wanti | awor lawan swaraning tambur gumêrah ||
23.035 Walănda alêlumbungan | anggarêbêg sri bupati | Amral pan lumakyèng dharat | anindhihi ingkang baris | ya ta sri narapati | wus rawuh ing ngalun-alun | dalême Wăngsadipa | wau ingkang dèn sanggrahi | wadyabala ing alun-alun malatar ||
23.036 samya marêk ing sang nata | sagung nayaka Kumpêni | miwah kang para dipatya | sadaya samya tur bêkti | ngandika sri bupati | marang Ki Wăngsadipa rum | nèng ngêndi mungsuhira | Ki Wăngsadipa wotsari | mêngsah dalêm sampun kêplajêng mangetan ||
23.037 langkung suka sri narendra | ya ta kawarnaa malih | ing Têmpalong Martajaya | sampun umarêk sang aji | wadya Dêmak kinêrig | miwah sagêgamanipun | wus prapta ing Japara | lajêng umarêk sang aji | Martajaya sampun prapta wijilira [1: 143] ||
91–92 dari 225