Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
23–24 dari 46
92–93 dari 225
912–921 dari 2.243
23.036 samya marêk ing sang nata | sagung nayaka Kumpêni | miwah kang para dipatya | sadaya samya tur bêkti | ngandika sri bupati | marang Ki Wăngsadipa rum | nèng ngêndi mungsuhira | Ki Wăngsadipa wotsari | mêngsah dalêm sampun kêplajêng mangetan ||
23.037 langkung suka sri narendra | ya ta kawarnaa malih | ing Têmpalong Martajaya | sampun umarêk sang aji | wadya Dêmak kinêrig | miwah sagêgamanipun | wus prapta ing Japara | lajêng umarêk sang aji | Martajaya sampun prapta wijilira [1: 143] ||
24. Mijil
24.001 kawarnaa wau sri bupati | apan sampun miyos | siniwaka wadyanira andhèr | Martajaya matur awotsari | kagyat sri bupati | angandika arum ||
24.002 Martajaya sapraptanirèki | matura dèn alon | kayaparan ing Dêmak wartane | Martajaya matur awotsari | mêngsah dalêm gusti | inggih sampun kabur ||
24.003 langkung sukanira sri bupati | mèsêm ngandika lon | pirsakêna wadyaningsun kabèh | Martajaya ingsun patêdhani | ing Dêmak nagari | jênênga tumênggung ||
24.004 Si Tumênggung Suranata nênggih | iku paring ingong | padha sira angèstokna kabèh | lan Si Wăngsadipa sun arani | jênênga Bupati | Martapura iku ||
24.005 sagung punggawa samya ngèstrèni | karsane sang katong | ya ta ingkang kawuwusa manèh | Mangkuyuda ing Kêdhu wus prapti | seba ing narpati | wadyanira agung ||
24.006 kalih èwu wong Kêdhu kang ngiring | pan samya nom-anom | sri narendra kalangkung trusthane | aningali mring Mangkuyudèki | sigêgên sang aji | gênti kang winuwus ||
24.007 Trunajaya kang madêg narpati | wus oyod arondhon | wong bang wetan suyud sadayane | Prabu Trunajaya wus angalih | saking Surawèsthi | Kêdhiri winangun ||
24.008 kang tinuduh anèng Surawèsthi | prajurit samyatos | wong Madura têngga tampingane | wong Makasar nunggil nèng Kadhiri | sawadyanirèki | tan pisah akumpul ||
92–93 dari 225