Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 46
94–95 dari 225
932–941 dari 2.243
24.019 Drêmayuda rampung aturnèki | sira Sang Galèngsong | amiyarsa kumêmbêng waspane | emut lamun kadange sayêkti | milwa mring Batawi | Kêraèng Nabèku ||
24.020 Prabu Trunajaya ngandika ris | nadyan wuwuh uwong | wong ing sabrang dèn kêriga kabèh | pira bobote wong seje bumi | wuwuha rong kêthi | tan gumingsir ingsun ||
24.021 Drêmayuda umatur wotsari | alêrês sang katong | wong ngumbara yêktine akacèk | amba benjang nanggulangi jurit | marang wong Kumpêni | miwah wong Lumayu ||
24.022 adhi Mangkuyuda sun bêbahi | ngarêpna wong Ambon | Bugis Bali Makasar Têrnate | Mangkuyuda asugal nauri | tandhinga sakêthi | tan gumingsir ingsun ||
24.023 apan lajêng drawina salatri | gumêrah ponang wong | tan winarna wau ing solahe | kang agunêm kawis ing Kadhiri | kawuwusa malih | sang rajèng Matarum ||
24.024 siniwaka ing para dipati | wau sang akatong | miwah sira Amral Hèlduwèl Brèh | Ănggawăngsa lan Ănggajayèki | matur mring narpati | yèn sanake rawuh ||
24.025 nusul saking Surapringga nagri | ngandika sang katong | timbalana [1: 146] sun tanggap tuture | Trunajaya kayaparan warti | tan adangu prapti | angandika wau ||
24.026 sri narendra angandika aris | dèn parêk ngarsèngong | Surabaya kayapa wartane | sigra matur kang sinungan angling | nagri Surawèsthi | gusti sampun suwung ||
24.027 Trunajaya wontên ing Kadhiri | dènira ngêdhaton | kang tinilar ing Surapringgane | pun Madura Dhandhangwacanèki | lan Wangsèngpraniti | têtindhihing kewuh ||
24.028 Trunajaya sampun mirsèng warti | yèn paduka katong | arsa tindak saha bala kabèh | amagut ing rana Surawèsthi | lan wadya Kumpêni | miwah ing Matarum ||
94–95 dari 225