Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24–25 dari 46
94–95 dari 225
939–948 dari 2.243
24.026 sri narendra angandika aris | dèn parêk ngarsèngong | Surabaya kayapa wartane | sigra matur kang sinungan angling | nagri Surawèsthi | gusti sampun suwung ||
24.027 Trunajaya wontên ing Kadhiri | dènira ngêdhaton | kang tinilar ing Surapringgane | pun Madura Dhandhangwacanèki | lan Wangsèngpraniti | têtindhihing kewuh ||
24.028 Trunajaya sampun mirsèng warti | yèn paduka katong | arsa tindak saha bala kabèh | amagut ing rana Surawèsthi | lan wadya Kumpêni | miwah ing Matarum ||
24.029 Darmayuda ingkang anaguhi | atandhing lan Ambon | wong Lumayu miwah Têrnatene | punapa malih wadya Kumpêni | Darmayuda ugi | gusti kang asanggup ||
24.030 ya ta mèsêm wau sri bupati | angandika alon | marang sira Amral Hèlduwèl Brèh | sun angrungu Si Galèngsong nênggih | kadange nèng ngriki | ya Si Naba iku ||
24.031 Amral Hèlduwèl Brèh sigra angling | mring Kênaba alon | apa duwe kadang sira kuwe | Si Galèngsong punika rannèki | Kraèng Naba iki | kasmaran ing kalbu ||
25. Asmaradana
25.001 sun pundhut Si Naba iki | arsa ngong duta mangetan | atêmu lawan kadange | lawan manèh awasêna | gamane Trunajaya | Amral Hèlduwèl Brèh matur | kawula gusti sumăngga ||
25.002 Kraèng Naba dèn timbali | prapta ngarsane [1: 147: ngar...sane] sang nata | sri narendra ngandika lon | hèh Naba sira sun duta | maringa ing bang wetan | katêmua lan kadangmu | ngawasêna Trunajaya ||
25.003 dene sira sun kanthèni | wong ingsun kang luwih guna | Si Mirmagati arane | lan bisa basa Limasan | sun wèhi kanthi sira | uwong kang prawirèng kewuh | tur bupati karo pisan ||
25.004 Si Martapura sawiji | kalawan Si Martalaya | iku gawanên karone | anging padha anglugasa | Kraèng Naba tur sêmbah | gusti lêbura wak ingsun | anglampahi karya tuwan ||
94–95 dari 225