Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 46
92–93 dari 225
917–926 dari 2.243
24.004 Si Tumênggung Suranata nênggih | iku paring ingong | padha sira angèstokna kabèh | lan Si Wăngsadipa sun arani | jênênga Bupati | Martapura iku ||
24.005 sagung punggawa samya ngèstrèni | karsane sang katong | ya ta ingkang kawuwusa manèh | Mangkuyuda ing Kêdhu wus prapti | seba ing narpati | wadyanira agung ||
24.006 kalih èwu wong Kêdhu kang ngiring | pan samya nom-anom | sri narendra kalangkung trusthane | aningali mring Mangkuyudèki | sigêgên sang aji | gênti kang winuwus ||
24.007 Trunajaya kang madêg narpati | wus oyod arondhon | wong bang wetan suyud sadayane | Prabu Trunajaya wus angalih | saking Surawèsthi | Kêdhiri winangun ||
24.008 kang tinuduh anèng Surawèsthi | prajurit samyatos | wong Madura têngga tampingane | wong Makasar nunggil nèng Kadhiri | sawadyanirèki | tan pisah akumpul ||
24.009 apan ingambil mantu pribadi [1: 144: pri...badi] | sira Sang Galèngsong | nênggih ingkang tinarimakake | Radèn Ayu Rêtna ingkang nami | warnane yu luwih | putra kang pambayun ||
24.010 Raja Galèngsong sinung wêwangi | aran Prabu Anom | wus misuwur wong Kadhiri kabèh | Prabu Trunajaya kang winarni | umiyos ing enjing | sineba wadya gung ||
24.011 Darmayuda wus munggèng ing ngarsi | Pasuruan kang wong | pan kinarya gêdhig manggalane | asisihan lan Mangkuyudèki | wong măncanagari | Dêrmayuda sinung ||
24.012 Mangkuyuda sinungan pasisir | samya akarya wong | gulang-gulang myang gêgangsingane | dulang-mangap lan wong talangpati | miwah jayèngwèsthi | wong andakalawung ||
24.013 Prabu Madurêtna ing Kadhiri | Trunajaya Katong | apan sampun midhangêt wartine | lamun wau Pangran Adipati | Anom ing Matawis | sampun madêg ratu ||
92–93 dari 225