Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 46
92–93 dari 225
920–929 dari 2.243
24.007 Trunajaya kang madêg narpati | wus oyod arondhon | wong bang wetan suyud sadayane | Prabu Trunajaya wus angalih | saking Surawèsthi | Kêdhiri winangun ||
24.008 kang tinuduh anèng Surawèsthi | prajurit samyatos | wong Madura têngga tampingane | wong Makasar nunggil nèng Kadhiri | sawadyanirèki | tan pisah akumpul ||
24.009 apan ingambil mantu pribadi [1: 144: pri...badi] | sira Sang Galèngsong | nênggih ingkang tinarimakake | Radèn Ayu Rêtna ingkang nami | warnane yu luwih | putra kang pambayun ||
24.010 Raja Galèngsong sinung wêwangi | aran Prabu Anom | wus misuwur wong Kadhiri kabèh | Prabu Trunajaya kang winarni | umiyos ing enjing | sineba wadya gung ||
24.011 Darmayuda wus munggèng ing ngarsi | Pasuruan kang wong | pan kinarya gêdhig manggalane | asisihan lan Mangkuyudèki | wong măncanagari | Dêrmayuda sinung ||
24.012 Mangkuyuda sinungan pasisir | samya akarya wong | gulang-gulang myang gêgangsingane | dulang-mangap lan wong talangpati | miwah jayèngwèsthi | wong andakalawung ||
24.013 Prabu Madurêtna ing Kadhiri | Trunajaya Katong | apan sampun midhangêt wartine | lamun wau Pangran Adipati | Anom ing Matawis | sampun madêg ratu ||
24.014 Drêmayuda matur awotsari | anuhun sang katong | inggih Pangran Dipati wartine | pan misuwur èstu wontên Têgil | nanging drêsing warti | dhatêng ing Jêpantun ||
24.015 nèng Japara gènnya tata baris | pasisir bang kulon | nèng Japara sarta gêgamane | lawan malih abala Kumpêni | saking ing Batawi | gunge wolung atus ||
24.016 Bugis Makasar kalawan Bali | sèwu cacahing wong | miwah Ambon Sêmbawa Têrnate | warna-warna wong sabrang kang prapti | wong Siyêm wong Pasir | Johor lan Lumayu ||
92–93 dari 225