Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 46
97–98 dari 225
962–971 dari 2.243
25.018 Ki Naba mèsêm nauri | bature Ki Mirmagatya | kang padha gawa jambene | Galèngsong gumuyu suka | sarwi angling ing nala | prajurite wong Matarum | pasthine iki ta iya ||
25.019 wong Mataram bêcik-bêcik | sawang-sawunging ayuda | ngadua kaprawirane | kaya nora bisa kalah | mungsuh lan wong Madura | tan kawarna solahipun | lamine nèng pamondhokan ||
25.020 amung sadina sawêngi | wus matêng ing jangjinira | ya ta warnanên enjinge | Kraèng Naba wus pamitan | lawan Ki Mirmagatya | sapraptanira ing lurung | ana wong Madura wikan ||
25.021 apan sampun dèn barisi | anèng wetan palabuhan | sarêng wong sakawan katon | wong Sampang sarêng narajang | apan sarwi asurak | wong sakawan sampun rêmbug | ing kewuh sarêng palastra ||
25.022 prasamya adandan gipih | Ki Mirmagati samana | nulya cinandhak lambunge | marang sira Kraèng Naba | pan binêkta lumumpat | prapta sabrang kilèn sampun | Mirmagati Kraèng Naba ||
25.023 palabuhan nuju banjir | ambane nêmlikur cêngkal | kang kari sabrang wong roro | Martalaya Martapura [1: 150: Marta...pura] | kang angêpung mèh numbak | sarêng dènnya cincing wau | wong roro sarêng lumumpat ||
25.024 wus prapta kilèn bênawi | wong sakawan sarêng mangkat | wong Sampang sadaya gawok | sami andongong kewala | warnanên lampahira | datan kawarna ing ênu | sampun prapta ing Japara ||
25.025 lajêng umarêk sang aji | sarêng prapta ing ngayunan | sri narendra ngandika lon | lah padha salamêt sira | iya ing lakunira | sakawan sarêng wotsantun | pan angsal sawab narendra ||
25.026 matur sasolahing nguni | Kraèng Naba matur nêmbah | abdidalêm pun Galèngsong | ing benjang têmpuhing yuda | angamuk saking wuntat | kalangkung trustha sang prabu | ing ature Kraèng Naba ||
25.027 sri narendra animbali | mring Tumênggung Suranata | kinèn anggitika mangke | wong Sampang kang anèng Rêmbang | miwah kang anèng Tuban | wong Dêmak budhal gumuruh | gêgamane warna-warna ||
97–98 dari 225