Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 46
98–99 dari 225
979–988 dari 2.243
25.035 warnanên wadya Kumpêni | apan sampun amiyarsa | yèn Ki Martalaya mirong | asêngit marang Walănda | tan arsa asebaa | nayaka Kumpêni kumpul | wus iyêg sagung bicara ||
25.036 kunêng bicara wus dadi | arsa mutung ing pasangan | yèn tinulak panuwune | ing sirnane Martalaya | Amral saupsirira | samya dhatêng pondhokipun | Adipati Măndaraka ||
25.037 kalayan ambêkta tulis | katur marang Măndaraka | adipati nyapa alon | lah tuwan punapa karsa | dene gati ing lampah [1: 152: la...mpah] | Amral Hèlduwèl Brèh muwus | surak iki tingalana ||
25.038 Măndaraka wus andugi | lah iya Amral muliha | mêngko ta ingsun pikire | kalawan sakancaningwang | sakèh para nayaka | Amral Hèlduwèl Brèh mundur | wus pracaya Măndaraka ||
25.039 tan winarna solahnèki | Ki Dipati Măndaraka | wus manjing marang kadhaton | katur saaturing Amral | èmêng sri naranata | anulya ngandika arum | sang nata mring Măndaraka ||
25.040 sira rêmbugên kang bêcik | kalawan sakancanira | Si Dipati Urawane | miwah Si Wirawidigda | lawan Si Sindurêja | Si Binarong aja kantun | lawan Paman Nrangkusuma ||
25.041 Măndaraka matur aris | pan abdi dalêm sadaya | sumăngga ing karsa katong | sang nata alon ngandika | lah iya timbalana | Si Martalaya dèn gupuh | dèn sêmang ajana wikan ||
25.042 Si Martalaya yèn prapti | dèn bêcik sira taria | yèn wani dhingini gawe | anglanggar Si Trunajaya | bêngi sira angkatna | êlokêna dèn aumyung | yèn morod Si Martalaya ||
25.043 prapta ingkang animbali | Ki Dipati Martalaya | utusan matur yèn mogok | asakit sêngadinira | sang nata angandika | kaya priye wataramu | apa ta nyata yèn lara ||
25.044 utusan turira aris | gusti watawis kawula | kadya padatan kemawon | sang nata asru ngandika | nimbali Martapura | sapraptanira ing ngayun | Martapura dhinawuhan [1: 153] ||
98–99 dari 225