Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 46
99–100 dari 225
987–996 dari 2.243
25.043 prapta ingkang animbali | Ki Dipati Martalaya | utusan matur yèn mogok | asakit sêngadinira | sang nata angandika | kaya priye wataramu | apa ta nyata yèn lara ||
25.044 utusan turira aris | gusti watawis kawula | kadya padatan kemawon | sang nata asru ngandika | nimbali Martapura | sapraptanira ing ngayun | Martapura dhinawuhan [1: 153] ||
25.045 hèh Martapura dèn aglis | untapêna Martalaya | kang kinèn tur sêmbah lèngsèr | Ki Dipati Martapura | mangkat sarowangira | datan kawarna ing ênu | sapraptanira ing jaba ||
25.046 Ki Martalaya winarni | sampun amidhangêt warta | yèn dinukan sang akatong | sakèhing para lêlurah | kang samya tinimbalan | lurah sura rakêt wolu | nêm atus panêkarira ||
25.047 prapta sagêgamannèki | baris pêndhêm nèng pondhokan | Ki Martalaya dhuwunge | Kyai Kasur namanira | apan sampun liniga | nèng ngisor klasa gènipun | tinindhihan sarya lênggah ||
25.048 sarwi kêmul bêbêt kuning | warnanên Ki Martapura | prapta wau ing lampahe | dhuwunge Ki Jakatawa | ingkang badhe kinarya | wus malêbu pondhokipun | lajêng tumamèng pandhapa ||
25.049 sarêng dènnya aningali | Martalaya Martapura | Ki Martapura wuwuse | anak sira atămpaa | timbalane sang nata | manira kinon amundhut | pati urip pakênira ||
25.050 Martalaya amangsuli | inggih sumăngga ing karsa | punapa kang dipun antos | sigra anarik curiga | Dipati Martapura | Ki Martalaya sinuduk | têrus lambunge kang kiwa ||
25.051 Martalaya malês aglis | anggoco mring Martapura | sarêng dènnya pêjah uwor | wong Têgal kagyat umiyat | ningali gustènira | wong rongatus sarêng ngamuk | marang wong ing Martapuran ||
25.052 wong Japara anadhahi | arame [1: 154: a...rame] ulêng-ulêngan | ya ta wontên kang anyapèh | mantri panuwa ing Têgal | kang wus têrus ing tingal | amênging ing kancanipun | dadya mundur wong ing Têgal ||
99–100 dari 225