Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25 dari 46
100–101 dari 225
1.000–1.009 dari 2.243
25.056 sang nata ngandika aris | hèh Măndaraka Si Wija | iku sun junjung lungguhe | iya ing Pathi nagara | sun wèhakên Si Wija | lan sun arani Tumênggung | Mangunonêng ing Santênan ||
25.057 kalawan Si Jayèngpati | anake Si Martapura | iku kang sun gêntèkake | alinggiha ing Japara | lan sun paringi nama | Sujanapura Tumênggung | apalungguh ing Japara ||
25.058 anadene ing Têtêgil | kadange Si Martalaya | ingkang anom ingsun gawe | Si Ngabèi Agrayuda | sarta sun wèhi aran | Rêksanagara Tumênggung | apilungguh ing Têtêgal ||
25.059 sang nata ngandika aris | Măndaraka undhangana | sagung wadyaningsun [1: 155: wadyaning...sun] kabèh | ya besuk ing dina Soma | budhal saking Japara | ingsun arsa andon nglurug | anggitik Si Trunajaya ||
25.060 Si Amral iku sun tuding | dhingina mêtu nglautan | dene kang sun kanthèkake | Si Paman Anrangkusuma | karo Si Ănggawăngsa | lawan Si Ănggajayèku | sun tuduh milu Si Amral ||
25.061 sira kang sun pitayani | dadia karta wadana | Si Amral lamun dudune | sira ingkang ngundurêna | măngsa bodhoa sira | pakewuhe ing dêlanggung | apan sira kang wus wikan ||
25.062 sira anjoga Garêsik | Madura sira ungaka | barisa pulo Mangare | banjura mring Surapringga | ingsun mêtu dharatan | sun mêgat Tuban mangidul | benjang Kadhiri kewala ||
25.063 wus rampung ingkang wêwêling | Amral sampun têtabean | lèngsèr saking ngarsa katong | bupati samya tur sêmbah | kang tumut dhatêng Amral | budhal swarane gumuruh | ing lautan kadi gêrah ||
25.064 warnanên sri narapati | sampun anêmbang têngara | umrêg swaraning ponang wong | kang samya nata gêgaman | barise pra dipatya | jêjêl anèng alun-alun | bandera awarna-warna ||
25.065 gêgaman dinulu asri | saengga wukir dahana | warna-warna gêgamane | anglir pendah binusanan | pan nagri ing Japara | ya ta wau sang aprabu | sampun angrasuk busana ||
100–101 dari 225