Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25–26 dari 46
102 dari 225
1.011–1.020 dari 2.243
25.067 wus miyos sri narapati | bubar gêgaman pangarsa | kang minăngka panganjure | Ki Tumênggung Suranata | Dêmang Surănggakara | kang munggèng ing wingkingipun | Rêksanagara ing Têgal ||
25.068 gêgamanira pan asri | têtilarane kang raka | rongatus sura rakête | ukiranira kancana | kuning kêkawêngira | sadaya lêlurahipun | samya anganggar carapang ||
25.069 satus kang wadya Kumpêni | kang tinilar dening Amral | kang rumêksa mring sang katong | kêkalih pangagêngira | Pilham kalawan Jusmral | anggarêbêg ing sang prabu | tambure munya brang-brangan ||
25.070 kumitir gumyuri ati | Adipati Măndaraka | kang lumakwèng wuri dhewe | wus prapta Kudus nagara | arsa ngujung sang nata | kautus mring Kadilangu | animbali panêmbahan ||
25.071 lumampah ingkang tinuding | pangalasan kalih mentar | gêgancangan ing lampahe | ing ênu datan winarna | duta kalih wus prapta | padhukuhan Ngadilangu | wus panggih lawan pandhita ||
25.072 panêmbahan dèn aturi | amogok-mogok pinêksa | apan sangêt wêwêlinge | putra tuwan sri narendra | Pangeran Natapraja | wus kering ing duta wau | wus prapta Kudus nagara ||
25.073 panggih lan sri narapati | Panêmbahan Natapraja | sang nata ngandika alon | paman dika rojongana | inggih [1: 157] lampah manira | pasthi wontên kaotipun | yèn paman tumut tumindak ||
25.074 datan suwala ing kapti | Panêmbahan Natapraja | ya ta warnanên lampahe | saking ing Kudus wus budhal | umyung swaraning bala | saengga laron ambrubul | tan pêgat ing wêwingkingan ||
26. Pangkur
26.001 sigêgên sri naranata | kawarnaa wau wadya Kumpêni | kang lumampah anèng laut | Radèn Anrangkusuma | Ănggajaya Ănggawăngsa sarêng kumpul | anunggil kalawan Amral | kang wadya anitih konthing ||
26.002 ing laut datan winarna | lampahira kang palwa angsal angin | katon ujunging Sidayu | palwa maksih lumarap | ujung Madura wau ingkang jinujug | pulo Mangare wus prapta | kang palwa sampun angranjing ||
102 dari 225