Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
25–26 dari 46
102–103 dari 225
1.018–1.027 dari 2.243
25.074 datan suwala ing kapti | Panêmbahan Natapraja | ya ta warnanên lampahe | saking ing Kudus wus budhal | umyung swaraning bala | saengga laron ambrubul | tan pêgat ing wêwingkingan ||
26. Pangkur
26.001 sigêgên sri naranata | kawarnaa wau wadya Kumpêni | kang lumampah anèng laut | Radèn Anrangkusuma | Ănggajaya Ănggawăngsa sarêng kumpul | anunggil kalawan Amral | kang wadya anitih konthing ||
26.002 ing laut datan winarna | lampahira kang palwa angsal angin | katon ujunging Sidayu | palwa maksih lumarap | ujung Madura wau ingkang jinujug | pulo Mangare wus prapta | kang palwa sampun angranjing ||
26.003 sampun mêntas ing dharatan | uluk-uluk wau wadya Kumpêni | mriyêm swarane jumêgur | kagyat wong ing Madura | wong paminggir apuyêngan gègèripun | pangrasane wong Madura | kinêpung nagrinirèki ||
26.004 pan kacatur tigang dina | anèng pulo Mangare wong Kumpêni | sêmana anulya laju | dhatêng ing Surapringga | tan winarna ing marga pan sampun rawuh | jajahan ing Surabaya | ing Ampèl kang dèn barisi ||
26.005 kang têngga ing Surabaya | wong Madura Ki Dhandhangwacanèki | pan sampun ngaturi wêruh | mring Prabu Trunajaya | binantonan Galèngsong ingkang lumaku | lan Tumênggung Darmayuda | wus prapta ing Surawèsthi [1: 158] ||
26.006 mariyêm pan binêktanan | kang binêkta wau Nyai Sêtomi | jarahan saking Matarum | kinarya mêthuk yuda | ambalabar wong Madura barisipun | sakèhing măncanagara | wong Makasar kang nindhihi ||
26.007 ya ta wau Ănggajaya | Ănggawăngsa sanake akèh prapti | apan samya asêsuguh | prasamya awêwarta | lamun Nyai Sêtomi binêkta mêthuk | mriyêm pusaka Mataram | kinarya magut ing jurit ||
26.008 Ănggajaya Ănggawăngsa | sigra marêk mring Dyan Nrangkusuma glis | angaturakên sêsuguh | lajêng panggih lan Amral | langkung suka Amral dènira andulu | mring sanake Ănggajaya | Ănggawăngsa samya prapti ||
26.009 lajêng samya pirêmbagan | kang cinatur amung Nyai Sêtomi | dene mariyêm Matarum | ginawa mapag yuda | Ănggawăngsa mring radèn alon umatur | miwah Amral winartanan | yèn arsa kesah mêmaling ||
102–103 dari 225