Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 46
104–105 dari 225
1.037–1.046 dari 2.243
26.019 Raja Galèngsong nèng wuntat | palayune apan mandhêg anolih | Ki Darmayuda pan laju | Galèngsong kawarnaa | panggih lawan Pangeran Tumampêl wau | Pangeran Tumampêl mojar | maring Galèngsong aririh ||
26.020 e adhi lamun sêmbada | dawêg nunggil adhi kalawan mami | angabdi rajèng Matarum | Galèngsong alon mojar | inggih kakang benjing kawula anusul | warnanên Ki Darmayuda | praptèng nagari Kadhiri ||
26.021 matur marang Trunajaya | lamun kawon wau dènira jurit | Darmayuda awêwadul | mila asor kang yuda | putra tuwan Prabu Anom rangu-rangu | gusti watawis kawula | pun Galèngsong malik kapti ||
26.022 langkung duka Trunajaya | Ki Galèngsong wau kinèn nimbali | Raja Galèngsong kapêthuk | lan duta anèng marga | dhinawuhan andika ngandikan gupuh | dhatêng rama jêngandika | Prabu Galèngsong lumaris ||
26.023 prapta ngarsaning kang rama | Prabu Trunajaya ngandika aris | lah bagea anak ingsun | sigra Ki Trunajaya | marang kêbon pêpungkuran prênahipun | lan Tumênggung Darmayuda | Raja Galèngsong tan kari ||
26.024 sapraptaning pêpungkuran | rinakitan Galèngsong dèn patèni | jisime pinêndhêm sumur | anulya ingurugan | wong Makasar sawiji tan ana wêruh | kang para dhaèng sadaya | tan wontên miyarsa warti ||
26.025 sigêgên Ki [1: 161] Trunajaya | kawarnaa wau sri narapati | samarga-marga prang pupuh | lan wadya ing Madura | mila rêmbên lampahira sang aprabu | dene ta pêpatihira | anèng margi nandhang sakit ||
26.026 Ki Dipati Măndaraka | sakitira sangsaya angranuhi | tan antara pêjahipun | sang nata langkung tikbra | sampun prapta jajahan Kadhiri wau | sang nata amasanggrahan | ing Singkal dènnya abaris ||
26.027 ya ta wau kawarnaa | wontên ajar ing Gunung Kêlut nênggih | apêparab Tejalaku | cantrike kawan dasa | arsa mapag ing yudane sang aprabu | têdhak saking ing aldaka | ingiring kang para cantrik ||
26.028 samya angagêm tarantang | sampun prapta ingiring ingkang baris | nuju pamondhokanipun | Ki Dipati Urawan | ting barêkik para cantrik samya ngamuk | lir yaksa rêbut sasana | kagyat kang samya ningali ||
104–105 dari 225