Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 46
105–106 dari 225
1.045–1.054 dari 2.243
26.027 ya ta wau kawarnaa | wontên ajar ing Gunung Kêlut nênggih | apêparab Tejalaku | cantrike kawan dasa | arsa mapag ing yudane sang aprabu | têdhak saking ing aldaka | ingiring kang para cantrik ||
26.028 samya angagêm tarantang | sampun prapta ingiring ingkang baris | nuju pamondhokanipun | Ki Dipati Urawan | ting barêkik para cantrik samya ngamuk | lir yaksa rêbut sasana | kagyat kang samya ningali ||
26.029 wadyabala ing Urawan | wus angumpul prasamya anadhahi | campuhing prang kumarusuk | cantrik pating jalêmpah | tinumbukan sawiji tan ana timbul | samya rêbah ting galobrah | tan ana tawa ing wêsi ||
26.030 mung kari Ki Tejalayar | Malangkadhak binêdhil datan kêni | katur marang sang aprabu | yèn wontên ajar salah | Gunung Kêlut punika pinangkanipun | sri narendra angandika | ing mêngko ana ing ngêndi ||
26.031 ingsun arsa apanggiha | apan iku sêdyane anèng wukir | arêp têmu lawan ingsun | lumaku ingsun ruwat | sri narendra [1: 162] wus angagêm Kyai Baru | ki ajar pan pinaranan | dening wau sri bupati ||
26.032 wus pêrak ayun-ayunan | lan sang nata Tejalayar marani | sakalangkung sukanipun | sarwi alatah-latah | sri narendra gya ngangsahkên Kyai Baru | ki ajar kêna jajanya | niba nulya angêmasi ||
26.033 anging kuwandanya sirna | pan gêgêtun sadaya kang ningali | sri narendra nulya mundur | praptaning pasanggrahan | animbali satriya punggawa agung | Ki Urawan Sindurêja | Wirawidigda tan kari ||
26.034 karsane sri naranata | animbali Amral mring Surawèsthi | kang tinuding nêmbah mundur | saking ing ngarsa nata | lampahira kang caraka siyang dalu | nêngêna tan kawarnaa | duta prapta Surawèsthi ||
26.035 wus panggih kalawan Amral | miwah sira Radèn Nrangkusumèki | kang duta alon amuwus | Amral dika ngandikan | saha wadya sampun wontên ingkang kantun | lawan Radèn Nrangkusuma | saha wadya dèn timbali ||
26.036 Ănggajaya Ănggawăngsa | inggih samya ngandikan marang gusti | mung karia para umbul | ingkang atêngga kitha | gya têngara Amral gumrudug kang tambur | Rahadèn Anrangkusuma | bêndhene tinitir-titir ||
105–106 dari 225