Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26–27 dari 46
106 dari 225
1.051–1.060 dari 2.243
26.033 anging kuwandanya sirna | pan gêgêtun sadaya kang ningali | sri narendra nulya mundur | praptaning pasanggrahan | animbali satriya punggawa agung | Ki Urawan Sindurêja | Wirawidigda tan kari ||
26.034 karsane sri naranata | animbali Amral mring Surawèsthi | kang tinuding nêmbah mundur | saking ing ngarsa nata | lampahira kang caraka siyang dalu | nêngêna tan kawarnaa | duta prapta Surawèsthi ||
26.035 wus panggih kalawan Amral | miwah sira Radèn Nrangkusumèki | kang duta alon amuwus | Amral dika ngandikan | saha wadya sampun wontên ingkang kantun | lawan Radèn Nrangkusuma | saha wadya dèn timbali ||
26.036 Ănggajaya Ănggawăngsa | inggih samya ngandikan marang gusti | mung karia para umbul | ingkang atêngga kitha | gya têngara Amral gumrudug kang tambur | Rahadèn Anrangkusuma | bêndhene tinitir-titir ||
26.037 budhal saking Surabaya | pan gumuruh swaraning kang lumaris | pêtêng dhêdhêt kadya mêndhung | bandera warna-warna | bala ing Nrangkusuman lumakwèng ngayun | gêgamane abra sinang | saking nagara wus mijil ||
27. Mijil
27.001 apan sampun dungkap ing wanadri [1: 163] | lampahira golong | datan wontên kaliru prênahe | sampun prapta ing Japan nagari | kunêng ta ing margi | Wirasaba rawuh ||
27.002 wus kapêthuk utusaning aji | mantri anom-anom | angenggalkên wau ing lampahe | tan winarna ing marga wus prapti | jajahan Kadhiri | pabarisan agung ||
27.003 sampun sowan ing ngarsa sang aji | Amral matur alon | mêngsah dalêm wus kasor jurite | kongsul saking nagri Surawèsthi | akêmbul mariki | kathah kang kapupu ||
27.004 kagungan dalêm Nyai Sêtomi | sênjata kinaot | inggih dipun pandungi kenginge | dhatêng pun Ănggawăngsa ing latri | pinikul pribadi | duk pambêktanipun ||
27.005 langkung trusthanira sri bupati | angandika alon | mila sira sun undang marene | mungsuhira ngêmbul mring Kadhiri | lan pêpatih mami | Măndaraka lampus ||
106 dari 225