Tembang macapat

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Mataram, Dirjaatmaja, 1904, 1919, #1095

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
27 dari 46
107–108 dari 225
1.067–1.076 dari 2.243
27.012 pilihana wong kang bêcik-bêcik | kang sayogya tanggon | wong Makasar kiwakna barise | prênahêna ing ngarsa pribadi | yèn nolèh ing wuri | sosogên ing ganjur ||
27.013 dene ingkang sun pangku pribadi | wong Sampang nom-anom | pitung atus sasêliran kabèh | lan sun wuwuhi wong talangpati | satus bêcik-bêcik | lan wong danalawung ||
27.014 talangpati lan wong danapati | sun dèkèk wurèngong | atulunga yèn sayah kancane | wong trunalanang miluwèng ngarsi | anjajari jurit | lan wong trunalawung ||
27.015 wong surarancap milua ngarsi | sakancane kang wong | wong surasirip wuri ênggone | ajajara wong truna tan gingsir | lan bocah nrangwèsthi | lan truna tan kondur ||
27.016 gulang-gulang sun gawe suwiwi | nèng ngiringan ingong | dulangmangap dadia sisihe | wong brajamuka miluèng ngarsi | wong adrêmbapati | milua nèng pungkur ||
27.017 sigêgên [1: 165] ingkang angreka wèsthi | wuwusên sang katong | pan siniwi ing wadyanirandhèr | angandika wau sri bupati | mring sagung bupati | dèn prayitnèng kewuh ||
27.018 ingsun arsa mangsah andon jurit | besuk Kêmis Êpon | pra dipatya atur sêmbah kabèh | sri naranata ngandika malih | undangên tumuli | Si Amral dèn gupuh ||
27.019 sigra ngandikan Amral glis prapti | ngarsaning sang katong | wus atabe sang prabu dêlinge | hèh ta Amral payo magut jurit | pinêcah tumuli | ingkang dhiri iku ||
27.020 Amral umatur suwawi gusti | ing yuda kinêtog | sri narendra nêmbang têngarane | umyung swaraning anata baris | tan kêna winilis | andhêndhêng lir mêndhung ||
27.021 kang minăngka ing pangawat kering | wong pasisir kulon | wong Mataram kang dadya kanthine | ingkang dadya dhadha wong Kumpêni | ing yuda apipit | tan nêdya amundur ||
107–108 dari 225